Tarawih
Shalat Tarawih (uga disebut terawèh utawa tarawèh) iku Shalat Sunnat sing diayahi mligi mung ing sasi pasa. Tarawih jroning basa Arab iku wangun jama’ saka تَرْوِيْحَةٌ sing maknané "wektu sesaat kanggo istirahat". Wektu shalat sunnat iki yakuwi sakwisé isya', biasané diayahi sacara jama'ah ing masjid. Rasulullah Shallallahu 'alaihi wa Sallam mung naté ngayahi shalat iki sacara jama'ah kaping telu. Disebutaké yèn Rasulullah Shallallahu 'alaihi wa Sallam ora mbanjuraké ing wengi-wengi saterusé amarga wedi yèn bab iki banjur dadi kewajiban ummat muslim.
Raka'at Shalat [sunting]
Ana sawetara praktèk ngenani gunggung raka'at lan salam jroning shalat tarawih, ing mangsa Rasulullah Shallallahu 'alaihi wa Sallam gunggung raka'at ana 8 raka'at ditambah 3 raka'at witir. Lan ing zaman khalifah Umar dadi 20 raka'at ditambah 3 raka'at witir. Déné salam umumé saben rong raka'at nanging ana uga sing salam saben patang raka'at.
Niat Shalat [sunting]
Niat shalat punika, padha uga karo shalat-shalat kang dilavalake kaya shalat liyané yaiku cukup diucapake ing sajroning ati, uga kang paling utawa yaiku niat karna Gusti Allah Ta'ala kanthi ati kang ikhlas lan ndhuweni pengarep lan ngarepake Ridho Gusti kang maha agung lan welas asih, niat uga bisa diucapake kanthi swara lirih utawa alon, sacara jangkep, niat shalat tarawih 2 rakaat yaiku:
| َأُصَلِّى سُنَّةَ التَّرَاوِيحِ رَكْعَتَيْنِ مَأْمُومًا/إِمَامًا للهِ تَعَالَى |
| َUshalli sunnatat taraawiihi rak'ataini (ma'muman/imaaman) lillahi ta'aalaa. |
ARTINÉ: " Aku niat Shalat Tarawih loro rakaat ( dadi makmum/imam) karana Gusti Allah Ta'ala"
Kahanan kaya mengkené, uga bisa dilakonijroning cara-cara liya kayata nindakake shalat Tarawih, kathi formasi 2 kaping 2 ugi 4 rakaat.Ditindakake saben rakaat pungkasan sapisan salam saben rampung nindakake4 rakaat. Nindakake shalat tarawih kudu migunakake niat shalat tarawih, kang kudu dibabarake nganggo imbuan "arbaa raka'ataini".
Referensi [sunting]
- Kumpulan Shalat-Shalat Sunnat, Drs. Moh. Rifa'i, CV Toha Putra, Semarang, 1993
- (id) Tuntunan shalat sunnat, Dzikir.org
- (id) Assunnah Tentang Tarawih
- (id) Pesantren Virtual Panduan Puasa Ramadhan
- (id) Eramuslim, Konsultasi Seputar Jumlah Rakaat dan Salam Shalat Tarawih
|
|||||||||||||||||||