Tantowi Yahya

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Tantowi Yahya
Lair 29 Oktober 1960 (umur 52)
Flag of Indonesia.svg Palembang, Sumatra Kidul, Indonésia
Pagawéyan Pranatacara
Penyanyi
Pengusaha
Anggota DPR-RI (2009-2014)
Taun aktif 1989 - saiki
Garwa Dewi Handayani
Anak Muhammad Adjani Prasanna Yahya

Tantowi Yahya (lair ing Palembang, Sumatra Kidul, 29 Oktober 1960; umur 52 taun). [1]Tantowi Yahya iku salah sijiné presenter tivi kang misuwur jenengé. [1] Saliyané iku, Tantowi Yahya uga dadi ikon musik country ing Indonésia. [1] Tantowi Yahya iku mase presenter kang jenengé Helmi Yahya. [1] Tantowi Yahya iku anak saka pasangan H.M. Yahya Matusin lan Hj. Komariah Yahya. [1] Tantowi Yahya wiwit cilik pancén nduwéni kepenginan dadi wong kang misuwur jenengé. [1] Kanggo nggayuh pangimpéné iki, Tantowi Yahya banjur nduwéni usaha kang tenanan. [1] Wiwit kelas loro SMU Tantowi Yahya sinau karo mulangaké bahasa Inggris ing panggonan kang kanggo kursus nalika Tantowi lagi kelas 1 SMP. [1]

Bab lan Paragraf

Karir bisnis [sunting]

Lulus SMU taun 1979, Tantowi kang ngugemi agama Islam iki banjur hijrah ing kutha Yogyakarta. [1] Tantowi banjur kuliah D1 ing akademi Perhotelan. [1] Sawisé iku, Tantowi Yahya banjur pindah ing Jakarta. Karir kerjané diwiwiti dadi resepsionis ing Hotel Borobudur Jakarta nalika taun 1982. [1] Taun 1984, Tantowi banjur pindah ing Hotel Hilton. [1]Taun 1987, Tantowi pindah ing perusahaan pita kaset BASF. [1]Amarga usaha kang tenanan, Tantowi banjur éntuk jabatan dadi Promotion Manager, kamangka Tantowi lagi kerja rong taun. [1] Nalika taun 1994, nalika Tatowi metu saka BASF. [1] Iki amarga pabrik iku nutup prodhuksi kasèté. [1] Pabrik BASF ing Jerman tutup amarga wis ana teknologi kang luwih modern yaiku disc).[1]

Karir donyaning hiburan [sunting]

Presenter [sunting]

Acara tivi kang sepisanan dipimpin Tantowi yaiku acara kuis Gita Remaja - TVRI (1989), kang dipandu uga karo Ani Sumadi. [1]Jenengé ora mung misuwur ing TVRI ananging uga laris dadi MC (master of ceremony) uing acara-acara. [1] Karir kang paling apik yaiku nalika Tantowi Yahya dadi presenter ing acara kuis kang nduweni taraf internasional yaiku Who Wants to Be a Millionaire? kang disiyaraké ing RCTI nalika taun (2001 nganti 2006). [1] Tantowi Yahya uga entuk penghargaan dadi The Most Favourite Television Quiz Host ing ajang Panasonic Awards 2003, 2004, lan 2005. [1] Tantowi uga dadi salah sijiné wong kang nggawé lan uga sekretaris jenderal Indonesian Music Awards Foundation taun 1997-2001. [1] Saliyané iku, Tantowi Yahya uga dadi presenter acara Are You Smarter Than a 5th Grader? sadurungé digenténi karo Nico Siahaan. Saliyané iku, Tantowi Yahya uga seneng karo musik.[2] Saking senenge karo musik Tantowi Yahya nganti nggambarake yen musik iku dadi agama kang kaping pindho.[2]

Cathetan suku [sunting]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v (id)selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 25 Juli 2011)
  2. ^ a b (en)thejakartapost.com(dipunundhuh tanggal 25 Juli 2011)


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tantowi_Yahya&oldid=831097"