Tanah Lot

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Pura Tanah Lot

Tanah Lot yaiku salah sawijiné objek wisata ing Pulo Bali, Indonésia.[1] Ing Tanah Lot ana pura kang cacahé loro.[1] Pura iki manggon ing sandhuwuré watu gedhé.[1] Pura kang sepisanan manggon ing sandhuwuré watu gedhé lan pura sing sijiné ana ing sandhuwuré tebing kang mirip kaya Pura Uluwatu.[1] Pura Tanah Lot iki kalebu bagéyan saka pura Dang Kahyangan.[1] Pura Tanah Lot iku pura segara kang dadi panggonan kanggo muja lan nyembah dèwa-dèwa kang njaga laut.[1]


[sunting] Legenda

Miturut legenda, pura iki dibangun karo salah sawijiné brahmana kang asalé saka Jawa.[2] Dhéwéké yaiku Danghyang Nirartha kang bisa nguwataké kapitayan pandhudhuk Bali ngenani ajaran Hindu lan mbangun Sad Kahyangan iku nalika abad kaping 16.[2] Nalika iku kang nguwasani Tanah Lot yaiku Bendesa Beraben,nduwéni rasa iri karo brahmana iku.[2] Dhéwéké iri amarga akéh anak buahé kang ninggalaké ajarané lan melu Danghyang Nirartha.[2] Bendesa Beraben ngongkon Danghyang Nirartha supaya ninggalaké Tanah Lot. [2]Dhéwéké nyanggupi ananging sadurungé ninggalaké Tanah Lot dhéwéké kanhti kakuwatané mindhahaké watu ing tengah panté dudu ing tengah segara.[2] Dhéwéké banjur mbangun pura ing kono. Dhéwéké uga bisa ngowahi sléndhangé dadi ula kang bakalé njaga pura.[2] Ula iki isih ana nganti saiki lan miturut ilmu kang ilmiah ula iki kalebu jinis ula laut kang nduwéni ciri-ciri buntuté kang trépés kaya iwak.[2] Ula laut iki wernané ireng lan rada belang-belang kuning.[2] Ula laut iki uga nduwéni racun kang kakuwatané kaping telu luwih kuwat tinimbang ula cobra, Ing akhir legenda diterangaké yèn Bendesa Beraben akhiré dadi anak buahé Danghyang Nirartha.[2]

[sunting] Panggonan

Obyek wisata tanah lot manggon ing Dèsa Beraban Kecamatan Kediri Kabupaten Tabanan, kurang luwih 13 km barat Tabanan. [2] Ing sebelah lor Pura Tanah Lot ana pura kang manggon ing sandhuwuré tebing kang rada menjorok ing segara.[2] Tebing iki ngubungaké pura lan dharatan.[2] Tebing iki bentuké kaya jembatan kang melengkung. [2] Tanah Lot dikenal dadi panggonan kang éndah kanggo ndeleng srengéngé kang ambles utawa biyasané diarani sunset.[2] Akéh turis kang wisata ing Tanah Lot nalika wis soré kanggo ndeleng sunset ing kéné.[2]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f (id)Sunset di Tanah Lot teamtouring.net(dipunundhuh tanggal 29 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p (id)nasional.infogue.com(dipunundhuh tanggal 29 Juni 2011)
Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Wikitravel   Pirsani pandhuan wisata Tanah Lot ing Wikitravel

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tanah_Lot&oldid=608331"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès