Taman Sari Yogyakarta

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Taman Sari Yogyakarta

Pesanggrahan Taman Sari utawa kang dikenal kanthi jeneng Taman Sari yaiku situs petilasan taman kang dumunung ing sisih kulon Keraton Ngayogyakarta. Ing jaman mbiyèn pesanggrahan iki dikenal dadi panggonan kanggo padusan. Taman Sari dibangun ing jaman pamarintahan Sri Sultan Hamengkubuwana I lan dirampungaké ing jaman pamarintahan Sri Sultan Hamengkubuwana II. Ing jaman pamarintahan Panembahan Senopati Taman Sari dikenal kanthi jeneng umbul (tuk banyu) Pacethokan. Umbul iki mbiyèn dikenal amarga miliné banyu sing banter lan resik.[1]

Pesanggrahan Taman Sari dibangun bubar Prejanjèn Giyanti (1755). Bangunan iku dimaksudaké kanggo bangunan sing bisa digunakaké kanggo nentremaké ati, lèrèn, lan rékréasi. Ananging, sakjané taman sari uga dipersiapaké kanggo sarana utawa bèntèng ngadhepi bebaya. Saliyané iku taman sari uga digunakaké kanggo sarana ibadah, mulané ing pesanggrahan Taman Sari uga dipepaki kanthi mushola, kang dumunung ing ngisor bangunan Sumur Gumuling.[1]

Jeneng Taman Sari dijupuk saka tembung taman utawa kebon kang ditanduri kembang-kembangan lan sari utawa éndah kembang. Dadiné tegesé Taman Sari yaiku jeneng sawijining taman kang éndah lan asri.

Sajarah pembangunan Taman Sari[sunting | sunting sumber]

Carita Versi 1[sunting | sunting sumber]

Dicaritakaké menawa ing Mancingan (sawijining dhaérah ing Yogyakarta) ana wong anèh sing ora dimangertèni asal-usulé. Masyarakat ing dhaèrah iku ngarani yèn wong iku sabangsa jin utawa makluk saka alas amarga wong mau nganggo basa sing ora dimangertèni. Banjur wong mau diadhepaké marang Sri Sultan Hamengkubuwana II. Jebulé Sri Sultan Hamengkubuwana II ngersani wong mau dadi abdiné. Saya suwe wong mau wis teges nganggo Basa Jawa banjur dhèwèké nyaritakaké yèn awaké asalé saka Portugis. Wong Portugis mau banjur diangkat dadi abdi sing mimpin pembangunan (semacem arsitek). Sri Sultan Hamengkubuwana II merintahaké wong Portugis mau nggawé bèntèng. Jebulé Sri Sultan Hamengkubuwana II seneng banget karo gaweané. Wong Portugis mau banjur diwènèhi kedudukan dadi demang, banjur wong mau dikenal kanthi jeneng Demang Portugis utawa Demang Tegis. Demang Tegis iki sing konon diperintahaké kanggo mbangun Pesanggrahan taman Sari. Mulané bangunan Pesanggrahan taman sari nunjukaké seni bangunan sing asalé saka Eropa (Portugis).[1]

Carita Versi 2[sunting | sunting sumber]

Miturut versi sing kaping loro dicaritakaké minangka ing samangsa mangsa Bupati Madiun sing wektu iku asmané Raden Rangga Prawirasentika sing wis akeh jasané marang Sultan Hamengkubuwana I, nyuwun supaya dibebasaké saka kewajiban mbayar pajak dhaerah. Bupati Madiun namung nyangguhi menawa ana suwunan khusus Sultan Hamengkubuwana I kanggo njangkepi hiasan lan kamegahan Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat. Sultan Hamengkubuwana I sarujuk ngabulaké panjalukan iku. Karo Sultan Hamengkubuwana I, bupati Madiun diprintahaké nggawé gamelan Sekaten kanggo pelengkap saka gamelan sekatèn sing asalé saka Surakarta. Mulané gamelan mau jumlahé mung sepasang ananging amarga palihan nagari (1755) gamelan mau dibagi loro. Siji kanggo kasultanan Yogyakarta lan sijiné kanggo Kasunanan Surakarta. Saliyané iku Sultan Hamengkubuwana I uga merintahaké Bupati Madiun kanggo nggawé jempana ’’tandu’’ kanggo kendharaané putri Sultan Hamengkubuwana I. Ing taun 1684 Raden Rangga Prawirasentika diperintahaké nggawé bata lan kalengkapané sing dipersiapaké kanggo mbangun taman sing endah kanggo sarana nentremaké atiné Sultan Hamengkubuwana I. Sultan ngersani taman iku amarga bubar nglaksanakaké perang sing rada suwé. Metuné perintah sultan ditandai déning sengkalan memet sing uniné Catur Naga Rasa Tunggal (1684). Pembangunan pesanggrahan taman iki dikepalai déning Radèn Tumenggung Mangundipura lan dipimpin déning K.P.H. Natakusuma. Pembangunan panggonan lèrèn lan bangunan urung-urung sing mituju keraton utawa kerep disebut gua siluman dilaksanakaké tahun 1687 lan ditandhai déning candra sengkala Pujining Brahmana Ngobahaké Pajungutan (1687). Minangka pembangunan lawang gerbang lan tèmbok rampung ing taun 1691. Rampungé pembangunan Pesanggrahan Taman Sari diwènèhi tandha sengkalan memet sing arupa relièf wit-witan lan kembang-kembangan sing lagi diisep maduné déning manuk-manuk. Sengkalan memet mau uniné Lajering Kembang Sinesep Peksi (1691). Ing vèrsi kaping loro iki dicaritakaké yèn Radèn Rangga Prawirasentika ora bisa ngrampungaké pembangunan pesanggrahan tamann sari. Mula dhèwèké nyuwun pembangunan dirampungaké déning K.P.H Natakusuma. [1]

Pesanggrahan taman sari iki sakjané nduwèni 36 bagéan bangunan penting sing nduwèni kagunaané dhéwé-dhéwé, ananging bagéan-bagéyan bangunan mau wis akèh sing rusak, ketutup bangunan anyar lan omah-omah pendhudhuk.[2]

Cathetan sikil[sunting | sunting sumber]