Tamagoyaki
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Tamagoyaki (卵焼き?) yaiku panganan Jepang kang wujude endhog pitik dadar kang diwenehi gula lan uyah. Rasane legi lan asin. Tamagoyaki kang digawe ing omah-omah padatan nganggo wajan kothak, endhoge dikopyok supaya kuning lan putihan endhog kecampur banjur digoreng salapis mbaka salapis sisan digulung nganggo sumpit.
Jinis [sunting]
- Dashimaki tamago
- Tamagoyaki kang ora legi amarga dicampur kaldu saka katsuobushi kang kawentar ing Kansai, dene Tamagoyaki kang nganggo gula akeh kawentar ing Tokyo.
- Umaki
- Tamagoyaki nganggo unagi (kabayaki) kang diumpetake ing njero gulungan endhog nalika endhog digoreng.
- Atsuyaki tamago
- Tamagoyaki kang sengaja digawe kandhel, dianggo minangka neta ing sushi.