Tal (topèng)
Tal (탈) yaiku jinis topeng kang asale saka Korea kang ngrembaka kawit jaman prasejarah.[1] Topeng Korea uga dikenal kanthi aran gamyeon, gwangdae, chorani, talbak lan talbagaji.[1] Tal biyasane digunakake ing pementasan tari topeng (talchum) kang maineke pirang-pirang karakter wong, kewan utawa makluk alus.[1]
Topeng Korea bisa dikategorekake dadi topeng religius lan topeng seni kang digawe saka bahan kayu, kertas lan kulit.[1] Topeng religius yaiku jinis topeng kang dikeramatake ing kuil-kuil shamanisme lan digunakake nalika ritual upacara.[1] Topeng religius liyane yaiku topeng Bangsangsi kang digunakake nalika ritual ngubur mayit kanggo ngusir roh ala.[1] Topeng seni digunakake ing pementasan talchum.[1] Salah siji jinis topeng kang misuwur yaiku topeng Hahoe kang digunakake ing pementasan Hahoe Byeolsing-gut talnori (Tari Topeng Hahoe) ing Andong.[2]
Werna-werna kang umume ana ing topeng Korea yaiku abang, ireng lan putih kanggo nuduhake karakter tokoh kang dimainake.[1] Saliyane kuwi werna uga dadi pratandha jinis kelamin lan umure karakter.[1] Topeng karakter wong tuwa wernane ireng, wong enom wernane abang lan wong wadon kang isih enom wernane putih.[1] Akeh-akehe topeng Korea minangka karakter rai manungsa nanging ana topeng kang nggambarake rai dewa-dewa, lan kewan.[1]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k (en)Mask and Dance, koreanculture. Diundhuh tanggal 31 Mei 2010.
- ^ Lim, Jae-hae (Summer 2004). "Yangban Mask". Koreana 1. http://koreana.kf.or.kr/viewPdf.asp?filename=2004_SUMMER_E001.pdf.