Taj Mahal
| Taj Mahal ताज महल تاج محل* | |
|---|---|
| Situs Warisan Donya UNESCO | |
|
|
|
| Negara | |
| Tipe | Cultural |
| Kriteria | i |
| Referensi | 252 |
| Wilayah† | Asia-Pasifik |
| Sajarah prasasti | |
| Prasasti resmi | 1983 (Sèsi ke-17) |
| * Jeneng resmi jroning Daftar Warisan Donya. † Miturut klasifikasi resmi UNESCO. |
|
| Pitu Kaajaiban Donya Kuna |
|---|
Taj Mahal iku sawijining monumèn kang dadi tuladha gawéyan arsitèktur muslim India.[1] Taj Mahal uga kondhang dadi tandha tresna abadi Kaisar Shan Jahan kanggo garwané Mumtaz Mahal. Taj Mahal iku tandha tresna lan hasrat.[1] Taj Mahal digawé ing jamané Kaisar Mogul sing kalima taun 1631-1648 kanggo ngémut, Arjuman Bano Begum, utawa sing luwih kondhang kanthi jeneng Mumtaz Mahal, sepisanan Shan Jahan nyebut masjid kuwi mung makam Mumtaz Mahal, ananging ing mangsane ngembang dadi Taj Mahal.[1] Taj Mahal menawi diartike yaiku Istana Mahkota, nduweni perluasan arti saka jeneng Mumtaz Mahal saka Persia.[1] Mumtaz Mahal tinggal ndunya ing umur 39 taun, pas nglairake anak kaping 14 ing taun 1631.[1] Matine Sang Permaisuri iki nggawe Raja ngrasa duka.[1] Sakdurunge mati, Mumtaz pesen pengen digawekke makam sing durung tau ditonton ning ndunya sakdurunge kanggo ngenang.[1] Shah Jahan mrintahke Ustaz Ahmad mbentuk bangunan iku.[1] Ustaz Ahmad 20.000 uwong kanggo nggarap bangunan iku, saka tukang watu, tukang emas, lan sing ngukir termasyhur ing sakndunya.[1]Arsitek sing paling terampil, tatahan pengrajin, ahli kaligrafi, sing natah watu, lan tukang watu teka saka penjuru India lan dhaerah adoh saka Persia lan Turki. Master tukang watu saka Baghdad, ahli mbangun kubah saka Persia, lan spesialis tatahan saka Delhi.[2] Nganggo bumbung, kubah lan menara digawe saka marmar putih, sarta seni mozek sing elok, Taj Mahal yaiku salah sawijining pitu keajaiban ndunya.[2] Eneng 43 jenis watu permata, kalebu berlian, jed, kristal, lan nilam sing digunakke. Panggawéné monumèn iku rampung jroning 22 taun.[2]