Téori Behavioristik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Téyori Behavoristik yaiku téyori kang nganggep manawa kasil sinau (owah-owahan lelaku) iku ora disebabna déning kemampuan internal manungsa, insight, nanging amarga faktor stimulus kang nganakna respons.[1] Téyori iki dimotori déning B.F Skinner kanthi bukuné Verbal Behavior (1957).[2] Téyori iki, adhédhasar kaliyan téyori sinau stimulus-respons (S-R).[2] Téyori Behavioristik yaiku salah sawiji saka telu aliran psikologi pendhidhikan kang thukul lan ngrembaka kanthi cara runtut saka pèriode ning pèriode.[3]

B.F Skinner

Prinsip Téyori Behavioristik[besut | besut sumber]

  • Téyori Belajar Behavioristik iki asipat èmpiris, didhasaraké nganggo dhata kang bisa diamati.[2]
  • Kaum behavioris nganggep manawa :
  1. Prosès sinau manungsa padha karo prosès sinau kéwan.[2]
  2. Prosès sinau basa yaiku sabagian waé saka prosès sinau saklumrahé.[2]
  3. Manungsa ora duwé potensi gawan kanggo sinau basa.[2]
  4. Pikiran anak yaiku tabula rasa (kertas kosong) kang arep diisi nganggo asosiasi S-R.[2]
  • Sinau kanggoné kaum behavior yaiku prosès pembentukan gayutan asosiatif antara stimulus lan respon kang bola-bali saéngga mbentuk pakulinan.[2]
  • Pangkondhisian disartani ganjaran kanggo panguatan asosiasi antarané lelkon-lelakon liyané.[2]
  • Anak nguwasani basa saka niru utawa manut.[2]

Tokoh-Tokoh Aliran Behavioristik[besut | besut sumber]

Skinner[besut | besut sumber]

Skinner nyebutna yèn manungsa kaya mesin.[4]. Tumindak manungsa iku teratur lan bisa diramalna responé karo stimulus kang teka saka njaba.[4] Skinner gawé rincian kang mbedakna loro macem respons, yaiku respondent response lan operant response.[4]

Ivan Parlov[besut | besut sumber]

Parlov nyinaoni kepriyé asu kang dadi bahan percobaané dadi terkondisi kanggo ngetokaké iler (liur)tanpa diwènèhi pakanan.[5]

Jhon B. Watson[besut | besut sumber]

Watson ngungkapké manawa sinau yaiku prosès kedadéan refleks utawa respons sing mawa syarat léwat stimulus kang nggantèkaké.[6]

Edwin Guthrie[besut | besut sumber]

Miturut Guthrie, respons bisa njalari stimuli kanggo respons sakterusé.[7] Lelaku manungsa yaiku dèrètan lelaku kang kaadheg saka unit-unit reaksi atawa respons saka stimulus sadurungé.[7]

Thorndike[besut | besut sumber]

Téyori Thorndike ing Amérikah Sarékat dikenal kanthi jeneng téyori sinau Connectionism amarga sinau yaiku prosès pambentukan koneksi antara stimulus lan respons.[8] Téyori iki, uga sinebut Trial and Error dalam rangka milih respons kang tepat kanggo stimulus tertentu.[8]

Bandura[besut | besut sumber]

Miturut Bandura, sinau iku ora punjul sakadar owah-owahan lelaku.[9] Sinau yaiku pencapaian kawruh utawa kawruh lan lelaku kang didhasari saka kwruhané mau.[9]

Clark C. Hull[besut | besut sumber]

Panemu Clark C. Hull arep padha karo penemu ahli-ahli ing dhuwur. Nanging, Hull ngungkapna ana 2 bab kang wigati ing jeroné prosès sinau yaiku anané motif utawa motivation lan drive stimulus reduction.[10]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Rifa'i, Achmad. dan Catharina Tri Anni. 2009. Psikologi Pendidikan. UNNES Press : Semarang. Hal:106.
  2. a b c d e f g h i j Sapani, Suardi. dkk. 1998. Téyori Pembelajaran Basa. Departemen Pendidikan dan Kebudayaan : Jakarta. Hal : 13.
  3. Djalali. 2009. Psikologi Pendidikan. Jakarta : Bumi Aksara. Hal : 78
  4. a b c Rifa'i, Achmad. dan Catharina Tri Anni. 2009. Psikologi Pendidikan. UNNES Press : Semarang. Hal : 109
  5. Rifa'i, Achmad. dan Catharina Tri Anni. 2009. Psikologi Pendidikan. UNNES Press : Semarang. Hal : 107
  6. Djalali. 2009. Psikologi Pendidikan. Jakarta : Bumi Aksara. Hal : 86
  7. a b Rifa'i, Achmad. dan Catharina Tri Anni. 2009. Psikologi Pendidikan. Semarang : UNNES Press. hal : 118
  8. a b Djaali. 2006. Psikologi Pendidikan. Jakarta : Bumi Aksara. Hal : 92
  9. a b Djaali. 2006. Psikologi Pendidikan. Jakarta : Bumi Aksara. Hal : 93
  10. Djalali. 2009. Psikologi Pendidikan. Jakarta : Bumi Aksara. Hal : 91