Suzanna
| Suzanna | |
|---|---|
![]() Suzanna dan produser Shanker |
|
| Miyos | 14 Oktober 1942 |
| Séda | 15 Oktober 2008 (umur 66) |
| Taun aktif | 1957-2008 |
| Sisihan | Dicky Suprapto (bercerai) Clift Sangra |
| Yoga | Pernikahan dari Dicky Suprapto: Arie Adrianus Suprapto Kiki Maria |
Suzanna Martha Frederika van Osch populer kanthi jeneng Suzanna (lair ing Bogor, Jawa Barat, 14 Oktober 1942 – tilar donya ing Magelang, 15 Oktober 2008 kanthi yuswa 66 taun) iku salah sijiné film horor Indonesia.[1] Suzannya kerep akting ing donyaning hiburan Indonesia wiwit taun 1950-an nganti 1990-an.[2] Suzanna nduwèni gelar "The Queen of Indonesian Horror". [2]Suzanna populer lumantar film-film panas lan mistik kayata Bernapas dalam Lumpur (1970), film legendaris Beranak Dalam Kubur (1971), Pulau Cinta (1978), lan Ratu Ilmu Hitam (1981). [2] Karier Suzanna kawiwitan nalika Suzanna menangake kontes "Tiga Dara" lan diaudisi karo Usmar Ismail. [2]Sanajan wiwitané katon gugup amarga durung tau nyekel telpon ananging Suzanna lulus audisi iki.[2] Nalika isih enom, Suzanna kang nduwéni julukan The Next Indriati Iskak iki bisa nggawé penonton eram lumantar film Asrama Dara.[2] Lumantar film iki, Suzanna éntuk akéh penghargaan kayat The Best Child Actress (Festival Film Asia, Tokyo, 1960), lan Golden Harvest Award. [2]Suzanna iku anak wadon kang pambarep saka sedulur kang cacahé lima. [2]Suzanna nduweni katurunan Jerman-Belanda-Jawa-Manado.[2] Suzanna uga tau nampa gelar Aktris Terpopuler se-Asia nalika Festival Film Asia Pasifik ing Seoul nalika taun 1972. [2] Ananging popularitas Suzanna amarga saka film-film panas lan mistik, kayata Bernafas Dalam Lumpur lan Bumi Makin Panas, saliyané iku uga film Pulau Cinta nalika taun 1978 lan Ratu Ilmu Hitam (1981). [2]Film iki kang nggawé Suzanna dadi nominator FFI kategori Pemeran Utama Wanita Terbaik.[2] Nalika taun 2003, ing umuré kang wis 61 taun Suzanna akting sinetron kang judhulé Selma dan Ular Siluman kang disiyaraké ing RCTI.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
