Surat At Talaq
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| at-Talaq |
|
|---|---|
| Informasi | |
| Makna | Talak |
| Nami sanès | an-Nisa'us Sugra (an-Nisa' yang kecil)[1] |
| Klasifikasi | Madaniyah |
| Surat ka | 65 |
| Juz | Juz 28 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 2 ruku' |
| Gunggung ayat | 12 ayat |
Surat At-Talaq (Arab: الطّلاق ,"Talak") iku surat ka-65 jroning al-Qur'an. Surat iki kagolong surat Madaniyah lan dumadi saka 12 ayat. Dijenengaké At-Talaq amarga akèh-akèhé ayat-ayaté ngenani masalah talak lan sing magepokan karo masalah iku.
Pokok-Pokok Isi [sunting]
- Hukum-hukum ngenani talak, iddah lan kuwajiban saben bojo lanang lan wadon jroning masa-masa talaq lan iddah, supaya ora ana pihak sing dirugèkaké lan kaadilan bisa dilaksanakaké kanthi apik.
- Printah marang wong-wong mukmin supaya takwa marang Allah sing wis ngutus Rasul sing maringi pituduh.
- Wong sing iman bakal dilebokaké ing swarga lan sing ingkar diparingi pènget kaya apa nasibé wong-wong ingkar ing mangsa kapungkur
Réferènsi [sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surah At-Talaq |
- ^ Departemen Agama RI.2007.Al-Qur'an dan Terjemahannya Al-Jumanatul 'Ali Seuntai Mutiara Yang Maha Luhur.Bandung:J-Art
| Surat Sadurungė: Surat At Taghaabun |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat At Tahrim |
| Surat 65 |