Surat Al Ghasyiyah
| al Ghasyiyah |
|
|---|---|
| Gambar:Al-Ghashiya.png |
|
| Informasi | |
| Makna | Dina piwales |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 88 |
| Juz | Juz 30 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 1 ruku' |
| Gunggung ayat | 26 ayat |
Surat Al Ghasyiyah (basa Arab:الغاشية, al-Ġāšiyäh, "Dina piwales") iku surat ka-88 jroning al-Qur'an. Surat iki kagolong surat Makkiyah lan dumadi saka 26 ayat. Dijenengaké Al-Ghasyiyah sing maknané Dina Piwales dijupuk saka tembung al-Ghasyiyah sing ana ing ayat pisanan surat iki. Sing dimaksud "Dina piwales" jroning surat iki ya iku dina kiamat. Surat iki minangka surat sing biasané diwaca déning Muhammad ing rakaat kapindho nalika shalat dina Raya lan shalat Jumat.
Bab lan Paragraf |
Tèks [sunting]
بِسْمِ ٱللَّهِ ٱلرَّحْمَـٰنِ ٱلرَّحِيمِ
هَلْ أَتَاكَ حَدِيثُ الْغَاشِيَةِ ﴿١﴾ وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ خَاشِعَةٌ ﴿٢﴾ عَامِلَةٌ نَّاصِبَةٌ ﴿٣﴾ تَصْلَىٰ نَارًا حَامِيَةً ﴿٤﴾ تُسْقَىٰ مِنْ عَيْنٍ آنِيَةٍ ﴿٥﴾ لَّيْسَ لَهُمْ طَعَامٌ إِلَّا مِن ضَرِيعٍ ﴿٦﴾ لَّا يُسْمِنُ وَلَا يُغْنِي مِن جُوعٍ ﴿٧﴾ وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ نَّاعِمَةٌ ﴿٨﴾ لِّسَعْيِهَا رَاضِيَةٌ ﴿٩﴾ فِي جَنَّةٍ عَالِيَةٍ ﴿١٠﴾ لَّا تَسْمَعُ فِيهَا لَاغِيَةً ﴿١١﴾ فِيهَا عَيْنٌ جَارِيَةٌ ﴿١٢﴾ فِيهَا سُرُرٌ مَّرْفُوعَةٌ ﴿١٣﴾ وَأَكْوَابٌ مَّوْضُوعَةٌ ﴿١٤﴾ وَنَمَارِقُ مَصْفُوفَةٌ ﴿١٥﴾ وَزَرَابِيُّ مَبْثُوثَةٌ ﴿١٦﴾ أَفَلَا يَنظُرُونَ إِلَى الْإِبِلِ كَيْفَ خُلِقَتْ ﴿١٧﴾ وَإِلَى السَّمَاءِ كَيْفَ رُفِعَتْ ﴿١٨﴾ وَإِلَى الْجِبَالِ كَيْفَ نُصِبَتْ ﴿١٩﴾ وَإِلَى الْأَرْضِ كَيْفَ سُطِحَتْ ﴿٢٠﴾ فَذَكِّرْ إِنَّمَا أَنتَ مُذَكِّرٌ ﴿٢١﴾ لَّسْتَ عَلَيْهِم بِمُصَيْطِرٍ ﴿٢٢﴾ إِلَّا مَن تَوَلَّىٰ وَكَفَرَ ﴿٢٣﴾ فَيُعَذِّبُهُ اللَّهُ الْعَذَابَ الْأَكْبَرَ ﴿٢٤﴾ إِنَّ إِلَيْنَا إِيَابَهُمْ ﴿٢٥﴾ ثُمَّ إِنَّ عَلَيْنَا حِسَابَهُم ﴿٢٦
Jarwanipun [sunting]
- Apa sira wis tampa dhawuh bab dina Piwales?
- Ing dina iku akèh awak padha konjem.
- Padha ngelakoni kangèlan lan rekasa.
- Lumebu ing geni murub.
- Diombeni saka sumber umob (kang panasé hangluwihi)
- Ora padha olèh pangan, kejaba eri.
- Ora bisa ngelemoni lan ora maregi.
- Ing dina iku uga akèh awak padha kapénak.
- Padha lega atiné marga anggoné ngelakoni panggawé becik.
- Manggon ana ing taman kang linuhung.
- Ana ing kono sira ora tahu krungu pangucap ala.
- Ing kono ana bengawané mili.
- Ing kono ada dhamparé kang tinata dhuwur.
- Sarta pinggan unjukan kang wus tinata.
- Lan bantal kang jèjèr - jèjèr.
- Apa déné babut kang gumelar.
- Lah apa ta dhèwèké padha ora angawase marang onta kapriyé anggone tinitahaké?
- Lan marang langit kapriyé anggoné ginawé dhuwur?
- Lan gunung - gunung anggoné padha didegaké?
- Lan bumi anggoné di gelar?
- Sira Ingsun kersakaké memulang, mulané memulang (mènèhi pepiling).
- Sira dudu wajibè meksa marang dhèwèké.
- Amung wong - wong kang malengos lan maido.
- Allah bakal nyiksa kelawan siksa kang gedhé.
- Satemene manungsa iku kabeh bakal padha bali marang ngarsaningsun (Allah).
- Nuli padha Ingsun timbang hala becike.[1]
Pokok-Pokok Isi [sunting]
- Katrangan ngenani wong-wong kafir ing dina kiamat lan azab sing ditampakaké marang wong-wong mau
- Katrangan ngenani wong-wong sing iman sarta kahanan surga sing diparingaké marang wong iman minangka piwales
- Printah supaya nggatèkaké kaajaiban ciptaan-ciptaan Allah
- Printah marang Rasulullah s.a.w. supaya ngélingaké kaumé marang ayat-ayat Allah amarga panjenengané iku pawèwèh pepènget, lan dudu wong sing kuwasa marang kaimanan kaumé.
Rujukan [sunting]
- (id) Al-Qur'an dan Terjemahannya (1978). Jakarta: Departemen Agama Republik Indonesia
Pranala njaba [sunting]
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surat Al Ghasyiyah |
- (en) Al-Ghashiya di Sacred-texts
- (en) Al-Ghashiya di Altafsir.com
| Surat Sadurungė: Surat Al A’la |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al Fajr |
| Surat 88 |
Kaluputan sitat (pangutipan) Tag <ref> ditemokaké, nanging tag <references/> ora ditemokaké