Surat Al A'la
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| al-A'la |
|
|---|---|
| Gambar:Al-A’la.png |
|
| Informasi | |
| Makna | Sing Paling Dhuwur |
| Klasifikasi | Makkiyah |
| Surat ka | 87 |
| Juz | Juz 30 |
| Statistik | |
| Gunggung ruku' | 1 ruku' |
| Gunggung ayat | 19 ayat |
Surat Al-A'la (Basa Arab:الْأعلى) iku surat ka 87 jroning Al Qur'an. Surat iki kagolong surat makiyyah sing dumadi saka 19 ayat. Dijenengaké Al A’laa sing maknané Sing paling dhuwur dijupuk saka tembung Al A’laa sing ana ing ayat pisanan surat iki. Muslim ngriwayataké jroning kitab Al Jumu'ah, lan diriwayataké uga déning Ashhaabus Sunan, saka Nu'man ibnu Basyir yèn Rasulullah s.a.w. nalika shalat loro dina riyaya (Fitri lan Adha) lan shalat Jumat maca surat Al A´laa ing rakaat pisanan, lan surat Al Ghaasyiyah ing rakaat kapindho.
[sunting] Pokok-Pokok Isi
- Printah Allah supaya maca tasbih kanthi nyebut asmaNé.
- Nabi Muhammad s.a.w. pisan-pisan ora lali ing ayat-ayat sing diwacakaké marang panjenengané.
- Dalan-dalan sing andadèkaké wong suksès urip ing donya lan akhirat.
- Allah nyiptakaké, nyempurnakaké ciptaanÉ, nemtokaké kadar-kadar, maringi pituduh lan nglengkapi kaperluan-kaperluané saéngga kagayuh tujuané.
[sunting] Pranala njaba
| Wikisource gadhah naskah sumber ingkang magepokan kaliyan Surah Al-A'la |
| Surat Sadurungė: Surat At Tariq |
Al-Qur'an | Surat Sabanjurė: Surat Al Ghasyiyah |
| Surat 87 |