Supermoon
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Supermoon (basa Inggris, maknané "wulan ndadari super") yaiku kedadèn leté wulan paling cedhak karo bumi.[1] Kedadèn kaya ngéné kedadèn saben 18 taun sepisan.[1] Sadurungé, supermoon kedadén taun 1955, 1974, 1992, karo 2005.[2]
Ing donya astronomi, wulan bisa ana ing let paling adoh karo let paling cedhak.[3] Let paling adoh jenengé apogee, yèn let paling cedhak jenengé perigee.[3] Wayah supermoon, leté bumi karo wulan mung 356.574 km.[4] Sakjané biasané let bumi karo wulan 382.900 km,[3] tegesé 30.000 km luwih cedhak.[3]
Sing nganyari gawé jeneng supermoon kuwi Richard Nolle taun 1979.[5]