Sungyung
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Sungnyung (숭늉) yaiku jinis ombenan tradisional kas Korea kang digawe saka banyu intip sega.[1][2] Ombenan iki disenengi dening rakyat Korea.[1] Sega kang dimasak kesuwen dadi gosong ing dhasar panci diarani nurungji utawa intip sega lan yen ditambahi banyu lan diombe diarani sungnyung.[1] Tradisi ngombe sungnyung asale saka kegiyatan pawon wong wadon Korea ing jaman biyen.[1] Nalika rampung anggone masak sega, wong-wong mau pada ngresiki dhasar panci masak (gamasot) kanthi ngesokake banyu supaya intipe sega bisa gampang diresiki.[1] Wong Korea ngombe sungnyung minangka sajian panutup mangan lan tradisi iki bisa ngrembaka banget.[1] Sungnyung disuguhake nalika upacara penghormatan arwah leluhur kang minangka sajian panutupe.[1]