Sung-Ha Jung
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 30 November 2012 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 57 dinten 622 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Sung-Ha Jung | |
|---|---|
Sungha Jung nalika konser neng Taiwan taun 2012 |
|
| Lair | 정성하 2 September 1996 (umur 16) Korea Kidul |
| Pakaryan | Gitaris fingerstyle akustik solo |
| Taun aktif | 2006-saiki |
| Website sunghajung.com |
|
Sung-Ha Jung yaiku salah sawijining wong sing dadi kondhang amarga ngunggah vidio ana ing YouTube. Nganggo akun jwcfree, dheweké wis ngunggah luwih saka 500 vidio ana ing YouTube. Sung-Ha Jung miwiti ngunggah vidio nèng YouTube saka 8 September 2006. Awit saka kuwi tekan saiki channel jwcfree wis ditonton kaping 500.000.000 luwih. Amarga kapinterané dolanan gitar, wis akèh musisi-musisi internasional sing gumun karo dheweké. Ora mung digumuni, Sung-Ha Jung uga bisa duèt karo musisi-musisi mau, kayata Ulli Bögershausen , Thomas Leeb, Trace Bundy, Tommy Emmanuel lan liya-liyané.[1]
Bab lan Paragraf |
Wiwitan Makarya [sunting]
Sung-Ha Jung miwiti dolanan gitar saka umur 9 taun. Dhèwèké kepéngin dolanan gitar amarga nyawang bapaké dolanan gitar. Awit kuwi, dhèwèké tangi ésuk umun-umun supaya bisa dolanan gitar dhisik sadurungé mangkat sekolah.[2] Wiwitan Sung-Ha Jung dolanan gitar, dhèwèké isih diwulang bapaké. Nanging,bapaké mung mulang dheweké sedhéla amarga olèhé Sung-Ha Jung sinau dolanan gitar cepet banget. Miturut bapaké, Sung-Ha wis bisa dolanan luwih apik saka bapaké sawisé 6 sasi sinau gitar. Sabanjuré, dhèwèké sinau dolanan gitar dhéwé.[3]
Gitaran cara fingerstyle kuwi diwiwiti Sung-Ha sawisé bapaké nduduhi vidio-vidio babagan fingerstyle. Saka vidio-vidio kuwi dhèwèké dadi seneng gitaran cara fingerstyle. [4]
Pas wiwitan Sung-Ha Jung ngunggah vidioné ana ing You Tube, dhèwèké lagi umur 10 taun. Sanadyan lagi umur 10 taun, olèhé dolanan gitar wis apik banget lan wis ditonton karo yutanan wong nèng donya. Anggoné Sung-Ha Jung nggarap satembang adaté mung rong nganti telung dina. Ananging, yèn tembang sing digarap kuwi rada angèl bisa nganti seminggu.[3]
Adaté sing pisanan dilakokaké Sung-Ha Jung pas nggarap tembang yaiku nonton vidio. Sawisé nonton,dhèwèké banjur nemtokaké nada-nada apa waé sing dienggo. Olèhé Sung-Ha Jung nemtokaké nada biasané mung sajam lan biyasané ora nganggo tab gitar utawa partitur musik.
Kauripan Pribadi [sunting]
Sung-Ha Jung saiki ngomah nèng Chungju, Korea Kidul. Bapaké Sung-Ha Jung asmané Woo-chang Jung.[5] Panjenengané ngasta nèng salah sawijining perusahaan ana ing Korea.[3] Panjenengané kuwi sing marakaké Sung-Ha Jung "kecemplung" dadi gitaris saka hobi dolanan gitaré. Sung-Ha duwé adhi wadon jenengé Soo-Ha Jung.[6]
Alat Musik [sunting]
Gitar [sunting]
Sung-Ha Jung éntuk sponsor gitar saka Lakewood.[7] Lakewood kuwi jeneng produsèn gitar sing kondhang nèng Éropah. Ulli Bögershausen, gitaris kondhang sing dadi mèntoré Sung-Ha Jung, uga nganggo gitar saka Lakewood. Gitar kuwi digawé kusus kanggo Sung-Ha Jung dhéwé. Olèhé [Lakewood nggawé gitar kuwi nganti 4 sasi.[7] Sung-Ha nganggo gitar kuwi saka taun 2009. Saiki, Sung-Ha duwé gitar lakewood cacahé 6. Sadurungé dhèwèké nganggo gitar kuwi, dhèwèké wis tau nganggo gitar saka Selma, salah sawijining produsèn gitar kondhang nèng Korea.
Alat Musik Liyané [sunting]
Sung-Ha Jung ora mung bisa dolanan gitar waé. Sadurungé bisa dolanan gitar, dhèwéké wis bisa dolanan piano dhisik. [4] Saliyané piano, dhèwéké uga bisa dolanan alat musik liyané, kayata ukulélé, lan drum. Dhèwéké lagi waé sinau jazz piano wiwit taun 2010.[8] Dheweké uga lagi sinau teknik vokal.
Konsèr [sunting]
Dhèwèké wis tau konsèr nèng ngendi-ngendi, embuh kuwi konsèr solo apa dudu. Konsèr ing Korea wis tau, konsèr ing manca uga wis tau.[9]
| Taun | Tanggal | Negara | Panggon | Jeneng Konsèr |
| 2010 | 18 Nopember | Amerika | Johnny D's, Somerville, Massachusetts | 2nd US Tour with Trace Bundy 'Tur Amerika Kaping Pindho karo Trace Bundy' |
| 19 Nopember | Canal Room, New York | |||
| 21 Nopember | World Cafe Live, Philadelphia | |||
| 23 Nopember | Jammin' Java, Vienna, Virginia | |||
| 26 Nopember | Boulder Theater, Boulder, Colorado | |||
| 18-19 Desember | Korea | V-Hall, Hongdae, Seoul | Winter Special Concerts in Seoul 'Konser Spesial Mangsa Adhem ing Seoul' | |
| 2011 | 30 April | Korea | Seongnam Art Center Concert Hall, Seongnam | Jung Sung Ha Concert Tour 'Sung Ha Jung: Konser Tur' |
| 16 Mei | Jepang | Osaka | Spring Japan Tour 2011 'Tur Mangsa Semi Jepang 2011' | |
| 17 Mei | Sea Garage,Tokyo | |||
| 18 Mei | Back in Town, Tokyo | |||
| 21 Mei | Mojo West, Kyoto | |||
| 22 Mei | Miki Music Saloon Shinsaibashi, Osaka | |||
| 30 Oktober | Thailand | ICS Performing Arts Auditorium, Bangkok | Sungha Jung Live in Bangkok 2011 'Sungha Jung ing Bangkok 2011' | |
| 3 Desember | Singapura | DBS Auditorium | Sungha Jung Live in Singapore 'Sungha Jung ing Singapura' |
Diskografi [sunting]
| Taun | Album | Daftar Tembang | |
|---|---|---|---|
| 2010 | Perfect Blue | 01. Hazy Sunshine 02. Billie Jean |
|
| 2011 | Irony | 01. For You 02. Irony |
Cathetan Sikil [sunting]
- ^ KOREA.COM, EXCLUSIVE INTERVIEW WITH SUNGHA JUNG 2012
- ^ Sungha Jung 2012 INTERVIEW English subtitles
- ^ a b c FAQ Sungha Jung
- ^ a b fridrikur, Sungha Jung Interview-part 1 ,1 Pebruari 2011
- ^ Park Sung-Woo, The first Korean to hit over 100 million views on YouTube, 20 Pebruari 2010
- ^ [1]
- ^ a b Sungha's Guitar
- ^ Wistbacka, Sungha Jung Interviewed by Wistbacka On-Location, YouTube, 19 Maret 2011
- ^ Sungha's Scedule
Pranala Njaba [sunting]
- http://www.sunghajung.com/about
- http://www.last.fm/music/Sung-Ha+Jung/+wiki
- http://www.youtube.com/jwcfree
- http://wiki.answers.com
Foto-foto: