Sun Yat Sen
|
Sun Yat-sen
孫文 / 孫中山 / 孫逸仙 |
|
|
|
|
| Mangsa jabatan 1 Januari 1912 – 1 April 1912 |
|
| Pengganti | Yuan Shikai (présidhèn pisanan) |
|---|---|
|
|
|
| Lair | 12 November 1866 Xiangshan, Guangdong, Cina |
| Tilar donya | 12 Maret 1925 (umur 58) Beijing, Cina |
| Kabangsan | Republik Cina |
| Partai pulitik | Kuomintang (KMT) |
| Pasangan | Lu Muzhen (1885-1915) Soong Ching-ling (1915-1925) |
| Almamater | Hong Kong College of Medicine for Chinese |
| Pegawéyan | Dokter, Pulitikus, Révolusionèr, Panulis |
| Agama | Kristen[1] |
Sun Yat-Sen (Hanzi: 孫逸仙, Pinyin: Sūn Yì-xian, lair 12 November 1866 – tilar donya 12 Maret 1925 kanthi yuswa 58 taun) iku salah siji pamimpin kang dadi punjeré révolusi Républik Rakyat Cina lan diakoni kanthi wiyar minangka Bapak Negara Cina Modhèrn, ing Cina dharatan uga ing Taiwan.[2]
Nalika iku, Républik Rakyat Cina dipréntah déning raja kang maréntah kaya déwa. Sun Yat-Sen percaya yèn Cina perlu ditata kanthi cara anyar kanthi révolusi. Nalika taun 1895, dhèwèké mbrontak ing Kanton, nanging isa dikalahaké. Yèn diétung dhèwèké nglakoni ping sewelas révolusi marang Wangsa Qing lan akiré isa ngalahaké kakaisaran, lan kaisar mènèhaké jabatané. Banjur Cina malih dadi Républik Cina nalika taun 1911 kang didegaké déning Sun Yat-Sen. Dhèwèké iku sing ngedegaké parté kang paling tuwa ing sajarah modhèrn Cina, Kuomintang (KMT). Dhèwèké dadi présidhèn nalika taun 1912, lan nalika taun 1923-1925.
Nalika taun 1925, Sun Yat-Sen mati ing Cina. Telung taun sabubaré iku, Chiang Kai-shek, Salah siji saka pandhukungé kapilih dadi présidhèn.
Kanggo mèngeti jasané Sun Yat-Sen, didegaké bangunan kang arané Balai Pèngetan Dr. Sun Yat-sen (Hanzi: 國父紀念館, basa Inggris: National Dr. Sun Yat-sen Memorial Hall) kang isiné kanggo punjeré kabudayan lan kasenian.
[sunting] Cathetan sikil
- ↑ Soong, (1997) p. 151-178
- ↑ www.notablebiographies.com
[sunting] Pranala njaba
- ROC Government Biography
- Dr. Sun Yat-Sen Foundation of Hawaii: A virtual library on Dr. Sun in Hawaii including sources for six visits
- Dr. Sun Yat-sen's "immigration" into the US with his successfully claimed (but of course illicit) "Certificate of Hawaiian birth" NARA Government documents cf. also Dr. Sun Yat-sen Foundation Hawaii, 5th visit
- Sun Yat-sen in Hong Kong, from HKU website
| Didhisiki déning: {{{pendahulu}}} |
{{{jabatan}}} |
Diganti déning: {{{pengganti}}} |
| Didhisiki déning: {{{pendahulu}}} |
{{{jabatan}}} |
Diganti déning: {{{pengganti}}} |