Sun Lutang
Sun Lutang yaiku ahli bela diri aliran dalam neijia lan penulis saka Cina.[1] Jeneng asline yaiku Sun Fuquan.[1] Dheweke nguasai jurus Taijiquan, Xingyiquan lan Baguazhang.[1]
Dheweke lair saka kulawarga mlarat ing taun 1861.[2] Dheweke mulai nyinaoni Xingyiquan ing taun 1882 saka Guo Yunshen.[1] Dheweke banjur nyinaoni Baguazhang saka Chen Tinghua ing taun 1891.[1] Taun 1911 dheweke ketemu karo master Taijiquan Hao Weichen kang lagi nandhang lara.[2][1] Sun Lutang nyelok dokter lan ngopeni master mau nganti mari.[2]Nalika kuwi Sun Lu Tang umure 50 tahun.[1] Pungkasane Hao Weichen ngucapake matur nuwun kanthi ngajarake jurus Taijiquan aliran Wu Yu-xiang.[2] Ing taun 1912, Sun Lutang mulai nyiptakake Taijiquan aliran Sun.[2] Minangka penulis, dheweke kerep gawe buku ngenani jurus-jurus ilmu bela diri aliran dalam kang wis pelajari.[2]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.