Sumbu
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Sumbu utawa uceng yaiku bolah, kawat utawa kayu papan urupe geni ing lilin utawa diyan, uga ing kompor lenga. Sumbu ngrembesake lenga utawa lelehan lilin marang urupe geni kanthi daya kapilaritas. Urupe geni ing lilin lan diyan uga ditemtokake saka sumbune, yaiku saka kandel, amba, daya rembes lan daya tahan saka geni kang murub. Umume sumbu kagawe saka kapas.