Wong Bodo
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Suku Bodo)
Wong Bodo utawa suku Bodo iku sawijining suku bangsa utawa klompok ètnis sing asalé saka Assam, negara bagéan ana ing lor-wétané negara India. Miturut sensus taun 2011, wong Bodo cacahé manawa watara 2 yuta, utawa 5,5% saka populasi total pedunung negara bagéan iku.[1] Mayoritas wong Bodo nganut agama Hindhu (90,31%), sisané ngugemi agama Kristen (9,40%), lan liya-liyané kapercayan animisme.[2] Wong Bodo iku kalebu klompok ètnik kang diarani Bodo-Kachari.
Ing taun 2012, ana kadadéyan krusuhan ètnis antara wong Bodo lan imigran Muslim ing Assam, sing nyebabaké minimal 400.000 wong ngungsi. Luwih saka 5.000 omah uga padha ajur.[3]
Cathetan sikil[sunting]
- ^ Hundred-Second Report On The Sixth Schedule To The Constitution (Amendment) Bill, 2003 [1]
- ^ Table ST-14, Census of India 2001.
- ^ Deadline looms, but survivors of Assam bloodshed too scared to go home, Alertnet, 10 Agustus 2012, diaksès tanggal 10 Agustus 2012.
Rujukan[sunting]
- Endle, Sidney (1911) The Kachari, London
- Pulloppillil, Thomas and Aluckal, Jacob (1997) The Bodos: Children of the Bhullumbutter,
- Mushahary, Moniram (1981) Bodo–English Dictionary,
Pranala njaba[sunting]
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.