Wong Alemanni

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Suku Alemanni)
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Dhaerah kang dipanggoni suku Alemanni

Wong Alemanni utawa Suku Alemanni iku wiwitané sekutu saka suku-suku Jerman kang manggon ing dhaérah kali Rhine. [1]Salah sijiné bukti kang mertandhaké anané suku iki yaiku anane cognomen Alamannicus kang ditampa karo Kaisar Romawi, Caracalla, kang mrintah Kekaisaran Romawi wiwit taun 211–217. [2]Kanthi cara iki, Kaisar Romawi nganggep yèn dheweké wis nguwasani suku Alemanni.[1] Sifat persekutuan suku Alemanni karo suku-suku Jerman isih durung cetha.[1] Persekutuan iki nduweni usaha kanggo nyerang provinsi Romawi, Germania Superior.[1] Umumé, suku Alemanni melu apa kang wis dilakoni karo suku Franka.[1] Wiwit abad kang sepisanan, kali Rhine wis dadi batas antarane Galia Romawi lan suku-suku Jerman.[1] Suku Jerman, Kelt, lan suku-suku campuran Kelt-Jerman manggon ing pinggir kali iku.[1] Romawi mbagi dhaérah iki dadi rong distrik yaiku Germania Inferior lan Germania Superior.[1] Distrik kang sijiné manggon ing ngisor utawa lor kali lan kang sijiné manéh manggon ing dhuwur utawa kidul kali Rhine.[1] Wates benteng Romawi paling njaba ing sakupengé Germania Superior diarani Limes Germanicus.[1] Pasukan perang Allemani kerep nyebrang limes lan nyerang Germania Superior kang tumuju Agri Decumates.[1] Minangka persekutuan wiwit abad kalima, suku Alemanni manggon dhaérah Alsace nganti dhaérah Dataran Tinggi Swiss.[1] Saliyané iku, suku Alemanni uga manggon ing dhaérah kang saiki diarani Bavaria lan Austria, nganti ing lembah Alpen ing abad kaping wolu.[1]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k l m (id)m-search.jp(dipunundhuh tanggal 27 Agustus 2011)
  2. (en)wdict.net(dipunundhuh tanggal 27 Agustus 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wong_Alemanni&oldid=669076"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès