Sujud
|
Sujud inggih punika salah setunggilipun gerakan manembah dhumateng Pangèran ingkang Maha Kuwaos, utaminipun wonten ing salebeting ngibadah shalat (wangun ibadah kagem panganut Islam). Sujud kagungan kathah sanget makna lan hakékat.
Wonten pitu anggota awak ingkang kedah dipuntempelaken dhateng bumi nalika sujud, inggih punika:
- bathuk (lan dipunsunnahaken kanthi nempelaken irung)
- tapak tangan kalih
- dhengkul kalih-kalihipun
- driji suku
Sujud punika wigati sanget ing salebeting shalat. Tiyang ingkang mboten leres sujudipun, mboten bakal sah shalatipun.
Bab lan Paragraf |
Syarat lan rukun sujud [sunting]
Nalika badhé ngayahi ibadah sujud dhumateng Gusti Allah, sarat-sarat lan rukun-rukun sujud punika kedah dipunugemi lan dipunayahi supados katampi déning Gusti Allah.
Sarat-sarat sujud inggih punika:
- Suci saking hadas alit lan hadas ageng
- Suci saking najis
- Sujud kanthi madhep kiblat
- Nutup aurat
Rukun-rukaun sujud inggih punika:
- Niat sujud
- Takbir( kanthi maos Allahu Akbar)
- Sujud (sepindhah, kajawi sujud wonten ing shalat fardhu lan sujud sahwi)
- Wungu saking sujud
- Salam
- Tartib
Jinis sujud [sunting]
- Sujud shalat fardhu (Subuh, Duhur, Asar, Magrib saha Isya)
- Sujud Sahwi, minangka sujud ingkang dipun laksanakaken manawi wonten salah satunggilipun rukun shalat ingkang kantun.
- Sujud Tilawah, inggih punika sujud ingkang dipunlaksanakaken nalika maos utawi mireng ayat-ayat Al-Qur'an ingkang kalebet kempalan ayat-ayat sajadah.
- Sujud syukur, inggih punika sujud ingkang dipunlaksanakaken kanggé ngaturaken rasa bingah lan syukur dhumateng kanugrahan saking Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos.
Mangga pirsani [sunting]
Pranala njawi [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.