Suji
| Suji | |
|---|---|
| Habitus suji | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Liliopsida |
| ordo: | Asparagales |
| kulawarga: | Ruscaceae (Dracaenaceae) |
| Genus: | Dracaena |
| Species: | D. angustifolia |
| Jeneng binomial | |
| Dracaena angustifolia (Medik.) Roxb. |
|
Suji yaiku salah sawijining jinis tanduran sing godhongé bisa digawé pewarna ijo alami kanggo masakan, jajanan tradisional lan ombèn-ombèn. Tanduran godhong suji kalebu tanduran perdu sing dhuwuré bisa nganti 8 mèter. Bentuk godhongé dawa lan kasusun mubeng, tanduran iki sapisan-pisan ngembang. Tanduran godhong suji uga digunakaké kanggo tanduran hias amarga kaéndahan bentuk godhongé.[1]
Bab lan Paragraf |
Kandhutan kimia lan èfèk farmakologi [sunting]
Tanduran godhong suji nduwèni rasa sing ora pait, ambuné wangi, lan sipaté adem. Kandhutan kimia sing ana ing njero godhong suji antarané saponin lan flavonoid. Èfèk farmakologis oyot tanduran godhong suji antarané nyeri lambung lan penawar racun, minangka godhongé kanggo anti inflamasi sarta anti disentri.[2]
Cara nandur lan ngrawat [sunting]
Cara nandur tanduran godhong suji bisa dilakoni kanthi cara stek, winih, cangkok, lan okulasi. Ananging asil sing paling apik yaiku kanthi okulasi. Tanduran godhong suji dirawat kanthi disiram nganggo banyu sing cukup, dijaga kalembaban lemahé, lan di pupuk nganggo pupuk organik. Tanduran iki butuh panggonan sing rada adoh saka panas srengéngé.[2]
Bagéan tanduran suji kang bisa digunakake lan dimanfaatake [sunting]
Bagéan godhong, oyot, lan watang bisa dimanfaataké kanggo ngobati penyakit, kayata: disentri, beri-beri, kencing nanah, nyeri lambung, nyeri menstruasi, lan penawar racun.[2]
Cathetan sikil [sunting]
- ^ (id)Khasiat Daun Suji
- ^ a b c (id)BPLHD Jabar