Sujeonggwa
Sujeonggwa yaiku jinis ombenan tradisional kas Korea kang digawe saka woh kesemek lan digaringake lan diombenkaro sari jahe, kayu manis, madu lan gula.[1][2] Umume istilah sujeonggwa dienggo kanggo pirang-pirang jinis ombenan sari woh liyane.[1] Sujeonggwa dadi ombenan entheng kang akeh disenengi dening wong Korea saliyane sikhye kang biyasa disuguhake nalika wis adhem ing riyaya Seollal (taun anyar Imlek).[1] Proses gawene sujeonggwa ayaiku kanthi nggodhog bahan woh-wohan lan pemanis lan sawise ranpung, godhogan mau bakal diwenehi kethokan kayu manis lan jahe kanggo nambahi rasa.[1] Kayu manis lan jahe ditambahake ing pungkasan amarga yen digodhog bebarengan rasane bakal ilang.[1] Sujeonggwa bakal adhemake lan disuguhake bareng kacang cemara, es batu lan woh kesemek garing (gotgam).[1]