Sujebi
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Sujebi karo banchan.
Sujebi yaiku jinis sup pangsit kang digawe saka godhogan sup kaldu karo adonan glepung gandum kang rada kanthil.[1][2] Adonan kang wis dibentuk cilik-cilik dilebokake ing jangguk (sup saus kecap) utawa miyeokguk (sup rumput laut) lan bisa ditambahi bahan-bahan kayata labu, kentang, kimchi jinis-jinis liyane.[1] Tradisi sujebi dirasakake nalika mangsa panas ingKorea.[1] Para tani kang mlarat, ngosumsi nalika persediaan beras lan jewawute wi entek lan wong-wong kang ekonomine ana padha ngonsumsi sujebi.[1] Saliyane kuwi ing festival Chilseok tanggal 7 wulan kaping 7, wong Korea ngonsumsi bahan panganan saka gandum amarga sawise tanggal iki dipercaya kabeh gandum bakal duweni kualitas apik[1]