Stroberi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Stroberi
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Magnoliophyta
kelas: Magnoliopsida
ordo: Rosales
kulawarga: Rosaceae
Subkulawarga: Rosoideae
Suku: Potentilleae
Subsuku: Fragariinae[1]
Genus: Fragaria
L.
Spesies

20+ spesies; pirsani teks

Stroberi utawa strawberi (uga ditepungi kanthi jeneng arbei, saka basa Walanda aardbei) iku sawijining genus tetanduran jroning kulawarga Rosaceae, uga arupa jeneng woh saka tetanduran iki. Ana kurang luwih 20 spesies stroberi. Spesies sing paling umum ditandur kanggo didol yaiku saka asil panyilangan Fragaria × ananassa.

Woh stroberi wernané ijo rada puti nalika tuwuh, lan akèh-akèhé malih dadi abang nalika mateng. Jenengé asalé saka basa Inggris kuna streawberige sing arupa gabungan saka streaw utawa "straw" lan berige utawa "berry". Alesan pamènèhan jeneng iki isih ora cetha. Sapérangan spesies Lepidoptera njupuk sumber panganané saka tetanduran stroberi, mula spesies iki dadi ama utama tanduran stroberi.

[sunting] Klasifikasi

Ana luwih saka 20 spesies Fragaria ing saindhenging donya. Kunci panglompokan spesies stroberi iki yaiku adhedhasar cacahing kromosomé. Ana pitung jinis kromosom utama sing ana ing kabèh spesies. Sapérangan spesies iku diploid yaiku duwé rong pasang saka pitung kromosom ndadèkaké gunggungé 14 kromosom. Sing liyané arupa tetraploid yaiku duwé patang pasang saka pitung kromosom ndadèkaké gunggungé 28 kromosom, hexaploid (6 pasang), oktoploid (8 pasang) utawa dekaploid (10 pasang).

Spesies diploid
Spesies tetraploid
Spesies hexaploid
Spesies oktoploid lan variané
Spesies dekaploid lan variané
  • Fragaria × Potentilla
  • Fragaria × vescana

Sapérangan spesies anyar wis ditepungaké sing arupa subspesies saka spesies-spesies ing dhuwur.

[sunting] Réferènsi

[sunting] Pranala njaba

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Stroberi&oldid=662081"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès