Stephen Chow

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Stephen Chow
ChowKL1.JPG
Jeneng Cina Chau Sing Chi
Jeneng Cina 周星馳 (Tradhisional)
Jeneng Cina 周星驰 (Prasaja)
Pinyin Zhōu Xīngchí (Mandarin)
Jyutping zau1 sing1 ci4 (Kanton)
Leluhur Ningbo, Zhejiang[1]
Jeneng liya 星爺 (lit. Grandmaster Sing)
Pakaryan aktor, screenwriter, direktor, produser
Taun aktif 1981 – saiki
Wong tuwa Lin Bo Yee (ibu)
Pengaruh Bruce Lee

Stephen Chow (prasaja: 周星驰; tradisional: 周星馳; Pinyin: Zhōu Xīngchí; Kanton: 广东话/廣東話 Chow Sing Chi) (lair 22 Juni 1962; umur 49 taun) yakuwi aktor, produser, lan sutradara film kang kondhang saka Hong Kong dheweké olih julukan "raja komedi" dening pers Hong Kong.[2] Yakuwi Aktor saka Hong Kong kang kondhang amarga film-film komedi, dheweké anduweni jeneng lair Sing-Chi Chow. [2] Dheweké kuwi penggemar berat Bruce Lee, kuwi kang anggawe dheweké pengin njegur ning donya peran.[2] Stephen Chow miwiti kasuksesané saka acara TV kang judulé 430 SPACE SHUTTLE kang ditayangaké ning televisi Hong Kong nalika taun 1983.[2] Avara kasebut dadi kondhang bebarengan karo kasuksesan kang ditarima dening Stephen Chow.[2]

Saka kono dheweké nyoba kanggo mainaké peran kang luwih gedhe, yakuwi ning layar lebar.[2] Amarga nyoba-nyoba mau dheweké malah olih bebungah Taiwanese Golden Horse Award. [2]

Kasuksesané dadi pemeran pembantu anggawe dheweké olih peran utama ning film komedi kang judulé Chow Yun Fat kang judulé DU SHENG nalika taun 1990.[2] Saja kono dheweké anduweni potensi kanggo meranaké tokoh-tokoh ning film komedi lan parodi.[2] Tuladhané yakuwi film kang kondhang lan ora bakal dilalikaké dening para panggemaré, yakuwi film kang judulé SHAOLIN SOCCER lan KUNG FU HUSTLE kang akiré anggawe perusahaan film Hollywood remen lan pengin tuku hak pengedarané ning donya.[2]

Taun 2010 Dheweké ngerilis film animasi 'CJ7', film kartun kasebut diadaptasi saka film komedi sci-fi kang dibintangi Chow ning tanu 2008. [3] Karakter, setting lan film iki tetep padha karo filmé sing asli ananging ceritané digawe beda.[3]

Sutradara Hong Kong, Toe Yuen dipercaya kanggo ngarahaké animasi ini.[3] Chow, kang uga njabat dadi produser lan bintang utamané, dheweké ngakoni marang para watawan menawa film iki film dubbing ning basa Mandarin. [3] Meski Chow dhewe bisa nganggo basa Mandarin, kanggo karakteré diisi dening Shi Banyu. [3]

Ning film kartun ini, kabeh bintangé asli ning film iki bali maneh meranaké karakteré dhewe-dhewe. [3] Meski nalika kuwi wis kondhang karo film-film 3-D, Chow tetep migunakaké teknologi 2-D ning film animasi kasebut. [3] Mituruté, kang anggawe para penonton pengin nonton kuwi amarga ceritané kang apik.[3] NIng film CJ7 asli ning taun 2008 iki nyeritakaké bocah cilik karo asu aliené.[3]

[sunting] Cathetan Suku

  1. 周星馳“回家”尋根認祖 寧波再現“功夫”狂潮
  2. a b c d e f g h i j (id)biografi Stephen Chow dipununduh tanggal 22 Agustus 2011
  3. a b c d e f g h i (id)berita Stephen Chow dipununduh tanggal 22 Agustus 2011
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Stephen_Chow&oldid=661129"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès