Stegosaurus
| Stegosaurus | |
|---|---|
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Animalia |
| filum: | Chordata |
| kelas: | Sauropsida |
| ordo: | Ornithischia |
| Suborder: | Thyreophora |
| kulawarga: | Stegosauridae |
| Genus: | Stegosaurus Marsh, 1877 |
| Species | |
|
|
| Stegosaurus | |
|---|---|
| Terjemahan | "roof-lizard" |
| Tipe | armored dinosaur |
| Dawa | 30' (9m) |
| Dhuwur | 13' (4m) |
| Bobot | 5.5 tons |
| Obahe | quadruped |
| Era | Jurassic |
| Umur | 155 to 145 million years ago |
| Diet | Herbivore |
| Panggonan | grassless savanna |
| Sumebar | North America |
Stegosaurus[1] (diucapake /ˈsteg.əˌsɔː.rəs/) artine "kadal kang duwe atap", karana sisik-sisik gedhe kang ana ing dhuwur gegere (basa Yunani stego = piring/atap + sauros = kadal) yakuwi sawijining genus dinosaurus herbivora gedhe saka zaman Awal Jurassic ing Amerika Utara.[2] Spesies iki yaiku salah siji jinising dinosaurus kang paling gampang diidentifikasi, awit rong baris sisik sing padha pating sinilang ing gegere (dasar kanggo jeneng ilmiahe) lan 2 pasang eri dawa sing ana ing buri buntute (dijenengi thagomizer).[3][4]
Anatomi [sunting]
Stegosaurus dawane nganti 26-30 kaki (8-9 meter), dhuwure saka lemah sawetara 9 kaki(2,75 m), lan duwe bobot antara 6.800 pounds (3100 kg).[5][3] Ukuran endhase cilik kanthi bentuk tenggkorak sing dawa, lancip, lan sesek.[6] Stegosaurus duwe ruang kopong ing sirahe. Biyen para ahli ngira-ira yèn Stegosaurus duwè otak kaloro.[3] Sikil burine duweni telung driji cendhek saben sikile,sawetara sikil ngarepe duwe limang driji mung duwe kuku kethul. Sikil ngarep Stegosaurus luwih cendhek tinimbang sikil burine.[7] iki nyebabake postur awake stegosaurus rada ora biasa.[7] Posisi buntute luwih dhuwur tinimbang endhase.[3] Yen dietung jarak dhuwure antara endhase Stegosaurus dhewasa karo lemah kira-kira mung 1 meter (3,3 kaki).[3]
Tengkorake dawa lan sempit.[8] Ing jerone tengkorak ana antorbital fenestra cilik,yaiku bolongan cilik sing nyambungake antara irung lan matane sing umum ana ing Archosaurus,kalebu manuk modern saiki,sanajan ing jinis crocodylians wis ilang.[8]Posisi endhase stegosaurus sing luwih cedhak karo lemah nuduhake yen Stegosaurus golet pangan saka tandhuran lemah sing cendhek (sesuketan,lsp.).[8]Penafsiran iki didukung dening ra anane untu ngarep lan penggantiane untu nganggo Ramphotheca.[8]Stegosaurian duwe untu cilik lan datar,sing mbuktekake yen Stegosaurus ora nggolong panganane.[8]Panggonan inset kang ana ing rahang nuduhake yen Stegosaurus duwe pipi sing kena dienggo nyimpen panganane ing cangkem nalika ngunyah.[8]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ [1].
- ^ www.jpinstitute.com
- ^ a b c d e (en)www.enchantedlearning.com(dipunundhuh tanggal 28 mei 2011)
- ^ {{en}Carpenter K (1998). "Armor of Stegosaurus stenops, and the taphonomic history of a new specimen from Garden Park Colorado". The Upper Jurassic Morrison Formation: An Interdisciplinary Study. Part 1. Modern Geol.. 22. pp. 127–44.}
- ^ {{en}http://www.stegosaurus.org/}
- ^ (en)www.mantyweb.com(dipunundhuh tanggal 31 Mei 2011)
- ^ a b {{en}http://www.kidsdigdinos.com/Dinosaurs/stegosaurus.htm}
- ^ a b c d e f {{en}Fastovsky DE, Weishampel DB (2005). "Stegosauria: Hot Plates". In Fastovsky DE, Weishampel DB. The Evolution and Extinction of the Dinosaurs (2nd Edition). Cambridge University Press. pp. 107–30. ISBN 0-521-81172-4.}