Statistika inferènsial
Statistika inferènsial nyakup kabèh metodhe sing magepokan karo analisis sebageyan dhata (conto )utawa uga kerep disebut sampel[1] lan sabanjuré nganti tumeka marang peramalan utawa penarikan kesimpulan ngenani sakabèhané data indhuké(populasi).[1][2]
Jroning statistika inferènsial dianakaké pandugan parameter, gawé hipotesis, sarta ngayahi pangujiyan hipotesis kasebut nganti tekan kesimpulan sing lumaku umum.[1]Metodhe iki disebut uga statistika indhuktif, amarga kesimpulan sing ditarik didhasaraké marang informasi saka sebageyan dhata waé.[1] Penarikan kesimpulan saka statistika inferensial sing mung didhasaraké marang sebageyan dhata nyababaké sifat ora mesthi,[2] bisa nyababaké anané kasalahan jroning pengambilan keputusan,[1] saéngga kawruh ngenani téori peluang mutlak diperlokaké jroning ngayahi metodhe-metodhe statistika inferènsial.
Rujukan [sunting]
- ^ a b c d e Dergibson Siagian & Sugiarto. Metode Statistika untuk Bisnis dan Ekonomi, halaman 4-6". 2002. Jakarta : PT Gramedia Pustaka Utama. ISBN 979-655-924-2
- ^ a b Ronald E.Walpole. Pengantar Statistika, halaman 2-5". 1993. Jakarta : PT Gramedia Pustaka Utama. ISBN 979-403-313-8
|
|||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||