Stasiun Tugu Yogyakarta

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados


Broom icon.svg

Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia
(28 Februari 2013)
Ngrapèkaken artikel saged arupi mérang artikel ing paragraf utawi, Wikifikasi Artikel, maringi kategori, gambar, pranala interwiki, tandha diakritik lan ndandosi basa ingkang taksih campuran (krama/ngoko lan basa ngamanca).
Saksampunipun dipunrapèkaken, nyuwun supados panitya utawi pangurus busek pesen punika.(Peserta pelatihan boten kénging mbusek pesen punika).

Stasiun Tugu Yogyakarta.

Stasiun Tugu inggih salah satunggaling stasiun wonten ing Yogyakarta.[1] Stasiun Tugu punika dumados papan mandheging sepur awit taun 1887 dumugi sakmenika.[1] Stasiun punika kagolong stasiun ingkang papanipun langkung strategis.[1] Amargi stasiun punika papanipun wonten ing jantung kota Yogyakarta lan cerak kalian objek wisata ing yogyakarta.[1] Stasiun punika awalipun inggih stasiun alit ananging sakniki sampun dumados salah satunggaling stasiun ageng wonten ing Indonesia.[1] Stasiun Tugu punika gadhah 6 jalur sepur, ingkang nglayani saking hampir sedaya kutha gedhe wonten ing Jawa.[1] Lewih saking 20 sepur ekonomi, bisnis lan eksekutif dumugi lan kesah saben dintene.[1]

Sajarah [sunting]

Stasiun tugu punika kagolong kasil saking pembangunan sistem transportasi sepur kaliyan pemerintah Hindia Belanda kangge transportasi penumpang lan kasil bumi saking perkebunan ing Jawa, Sumatera, Sulawesi lan kalimantan.[2] Tanggal 17 Juni 1864, Gubernur Jendral Mr. L.A.J.W baron Sloet van Beele ngletakake watu purwa pembangunan rel sepur ingkang pertama ing jawa.[2] Jalur punika dipunkelola kalian Nederlandsch-Indische spoorweg Maatschappij (Perusahaan perkeretaapian Hindia Belanda) lan dipunoperasikaken tanggal 10 Agustus 1867.[2] Wonten ing perkembanganipun jalur punika dipunlajengaken dawanipun 166 kilometer tumuju kutha Yogjakarta lan Stasiun Lempuyangan Yogyakarta.[2] Stasiun Tugu wiwit nglayani kebetahan transportasi awit 2 Mei 1887, udakara 15 taun sasampunipun Stasiun Lempuyangan.[1] Rikala semanten , stasiun punika namung dipun ginakaken kangge papan transiting sepur ingkang ngangkut kasiling bumi saking daerah wonten ing Jawa, Sumatera, kalimantan lan Sulawesi. Ananging awit tanggal 1 Februari 1905, stasiun punika dipunginakaken kangge transit sepur penumpang. Jalur luar kutha ingkang purwa dibangun taun 1899, ngubungake Yogyakarta lan Surakarta.[1] Stasiun tugu punika kagolong stasiun ingkang taksih mertahanake fungsinipun kangge papan kanggo ngrawat sepur, benten kalian stasiun sanes ingkang umumipun namung kangge papan transit.[1]

Arsitektur [sunting]

Amargi dipunbangun wonten ing jaman kolonial Belanda, mila arsitektur bangunan stasiun punika sanget kenthel kalian nuansa Eropa.[1] Kita saged ngenali gaya-gaya Eropa saking lawang-lawang gedhe werni coklat lan langit-langit dhuwur ingkang werninipun cemeng. Bangunan stasiun taksih dipunjagi keaslianipun.[1] Bangunan stasiun punika katon megah kanthi lawang gedhe lan kalih payon ingkang mayungi jalur sepur.[1]


Cathetan suku [sunting]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m [1](dipunundhuh tanggal 2 Oktober 2012)
  2. ^ a b c d [2](dipunundhuh tanggal 2 Oktober 2012)