Stan Lee
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Stan Lee | |
|---|---|
Stan Lee pada 2007 |
|
| Lair | Stanley Martin aLieber 28 Desember 1922 (umur 90) New York City |
| Kabangsaan | Amerika |
| Bidang | Penulis Penyunting Penerbit Produser Aktor |
| Karya Wisuwur | Spider-Man Fantastic Four X-Men Avengers Hulk Iron Man Thor Daredevil Doctor Strange |
| Peaghargaan | Comics Hall of Fame |
| Tapak asma | |
Stan Lee (Stanley Martin Lieber, lair ing New York, 28 Desember 1922; umur 90 taun) yaiku sawijining penulis buku komik, editor, penerbit, produser, lan aktor saka Amerika.[1] Stan Lee mulai gawe komik ing taun 1941 ngenani Captain America # 3.[2] Ing taun 1960, Stan Lee ngedegake Marvel Comics kang ngenalake penokohan luwih lengkap ing karakter sawijining pahlawan kang kuwat, mula narik minate akeh wong, kususe bocah-bocah.[3] Buku komik ciptaane Stan Lee kang misuwur banget yaiku Fantastic Four (November 1961), Incredible Hulk (Mei 1962) lan Amazing Spiderman ing komik Amazing Fantasy # 15 (Agustus 1962).[2] Saliyane kuwi, Stan Lee uga wis nyiptakake akeh komik liyane X-Men, Avengers, Iron Man, Thor, lan Daredevil.[2]
Cathetan suku[sunting]
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |
- ^ (en) Stan Lee, lambiek.net. Diundhuh 10 Juni 2010.
- ^ a b c (en) Biography for Stan Lee, www.imdb.com. Diundhuh tanggal 10 Juni 2010.
- ^ Stan Lee Jadi Jagoan Komik, www.tempointeraktif.com. Diundhuh tanggal 10 Juni 2010.