Stamford Raffles
| Sir Thomas Stamford Bingley Raffles | |
|---|---|
| Lair | 6 Juli 1781 Off the Coast of Jamaica |
| Tilar donya | 5 Juli 1826 (yuswa 44) London, Inggris |
| Pagawéyan | British Colonial Official |
| Dikawruhi amarga | Manggihaken Singapura |
| Agama | Anglikan |
Sir Thomas Stamford Bingley Raffles (lair 6 Juli 1781 – tilar donya 5 Juli 1826 kanthi yuswa 44 taun) punika Gubernur-Jendral Hindia-Walanda ingkang paling ageng. Panjenenganipun punika satunggiling warganagari Inggris. Panjenenganipun dipuntélakaaken ugi minangka pangadeg kutha lan nagari kutha Singapura. Panjenenganipun kalebet tiyang Inggris ingkang paling dipuntepangi minangka pangrita karajan paling ageng ing dunia.
Bab lan Paragraf |
Raffles ing Inggris [sunting]
Ing Inggris Raffles ugi arupi pangadeg lan ketua pisanan Zoological Society of London. Raffles dipundadadosaken satunggiling bangsawan nalika taun 1817.
Panjenenganipun tilar donya sedinten sadèrèngipun ambal warsanipun ingkang kaping-45, tanggal 5 Juli 1826, amargi apoplexy utawi stroke. Amargi pangadegipun ingkang nentang perbudakan, keluwarganipun boten dipunidinaken nyarèaken ing pekarangan greja mriku (St. Mary's, Hendon). Larangan puniki dipunwedalaken pendhéta gréja puniku, ingkang keluwarganipun mundhut kauntungan saking perdagangan buruh. Nalika gréja puniku dipunwiyaraken taun 1920-an, pasaréyanipun dipunlebetaken ing bagéyan bangunanipun.
Raffles ing Singapura [sunting]
Ing Singapura, nami Raffles kathah dipunanggé: Raffles Junior College, Raffles Institution, Raffles Girls' School, Raffles Girls' Primary School, Raffles Hotel, Stamford Road, Stamford House, Raffles City, stasiun MRT Raffles Place, kelas Raffles ing montor mabur Singapore Airlines lan Muséum Panlitèn Kaanekaragaman Hayati Raffles.
Rafflesia [sunting]
Nami Raffles ugi dipunanggé minangka nami satunggiling genus saking saklompok tetanduran parasit obligat, Rafflesia, kanggé ngurmati jasa-jasanipun. Salah satunggil jenissipun kagungan kembang sejati paling ageng ing donya: padma raksasa utawi Rafflesia arnoldi ingkang dados salah satunggil saking kembang nasional Indonésia.
Pirsani ugi [sunting]
| Didhisiki déning: Lord Minto |
Gubernur-Jendral Hindia-Walanda 1811-1816 |
Diganti déning: John Fendall |
| Didhisiki déning: jabatan énggal |
Gubernur Jendral Bengkulu 1818-1824 |
Diganti déning: jabatan dipunbusak |