Stadion Siliwangi
| Siliwangi | |
|---|---|
Stadion Siliwangi Kutha Bandung |
|
| Nama lengkap | Siliwangi |
| Lokasi | Jalan Lombok, Bandung, Indonesia |
| Dibuat | 1 Januari 1954 |
| Dibuka | 1 Januari 1956 |
| Direnovasi | 1 Januari 1976 |
| Pemilik | Kodam III/Siliwangi |
| Operator | Persib Bandung |
| Permukaan | Rumput |
| Arsitèk | Formatara Prima Sejati |
| Kapasitas | 25.000 |
| Pemakai | |
| Persib (1956-sekarang), Bandung FC (2010-sekarang) | |
Stadion Siliwangi kang mapan ana ing dalan Lombok Bandung, nalika digawé stadion iki dikhususaké kanggo pembinaan jasmani anggota Kodam III/Siliwangi.[1] Perkara iki merga Stadion Siliwangi iku ana ing panguasane Kodam III/Siliwangi, dudu deweke Pemprov Jawa Kulon utawane Pemkot Bandung.[1] Merga durung ana stadion kang luwih representatif ana ing Kutha Bandung kanggo menggelar kegiatan olahraga kang gedhe, stadion kang duwe kapasitas sekitar 25.000 penonton iki duwe identik karo kandang Persib Bandung.[1] Bintang-bintang Persib, kaya Adjat Sudradjat, Iwan Sunarya, Robby Darwis, l pemain =-pemain persib liyane wis tau nglakoni penggodokan lan karantina nganggo fasilitas kang ana ing Stadion Siliwangi.[1] Ora bisa disalahake uga yen ana pemeo kang unine, “Jangan pernah merasa menjadi bobotoh bila belum pernah menonton secara langsung ‘Sang Maung’ di Stadion Siliwangi”.[1]
[sunting] Wiwitan Pembangunan
Akeh kang durung ngerti yen stadion kebanggaan warga Kutha Bandung iki dibangun kanggo mengeti peristiwa Bandung Lautan Api (BLA) nalika 24 Maret 1946.[2] Malah akeh kang durung ngerti yen Stadion Siliwangi sakbenere dibangun kanggo didedikasikake marang 200.000 warga Kutha Bandung kang wis ngrelakake kabeh banda kang diduweni kang entek nalika kadaden BLA.[2] Pase sakwise 8 taun kadadeyan kuwi, saka prakarsa Panglima Tentara lan Teritorium III, Kolonel Inf A.E.[2] Kawilarang banjur diwiwiti kanggo pembangunan stadion kang kanggo kegiatan olahraga warga Kutha Bandung lan kanggo latihan para tentara Siliwangi.[2]