Stadion Si Jalak Harupat
| Stadion Si Jalak Harupat | |
|---|---|
| Si Jalak Harupat | |
| Nama lengkap | Stadion Si Jalak Harupat |
| Lokasi | Indonésia |
| Koordinat | 6°59′48″S 107°31′47″E / 6.996534°S 107.529765°E |
| Dibuat | Januari 2003 |
| Dibuka | 26 April 2005 |
| Ditutup | Isih dibuka |
| Pemilik | Pemerintah Kabupatèn Bandhung |
| Operator | Pemerintah Kabupaten Bandhung |
| Permukaan | Suket zoyzia matrella lin mer |
| Biaya konstruksi | 67,5 milyar Rupiah |
| Kapasitas | 40.000 |
| Pemakai | |
| Persikab Bandung (2005-saiki) Persib Bandung (2008-saiki) Pelita Jaya (2008-2009) |
|
Si Jalak Harupat yaiku sawijining stadion olahraga kang mapan ana ing désa Kopo lan Cibodas, Kecamatan Sorèang, Kabupatèn Bandhung.[1] Jeneng Si Jalak Harupat dijupuk saka julukan sawijining pahlawan nasional saka Bojongsoang, Bandung yaiku Otto Iskandardinata. Saiki stadion si jalak harupat dadi duwèké Pemerintah Kabupatèn Bandhung. Persikab Bandung, kang dadi wakil saka Kabupaten Bandung ana ing kompetisi Liga Indonesia ndadekake satadion iki dadi kandange. Sakliyane Persikab bandung tim sakhuta Persikab, Persib uga ndadekake stadion iki dadi homebase. Stadion iki dibangun wiwit saka sasi Januari 2003 nalika kuwi Kabupaten Bandung dipimpin dening bupati Obar Sobarna. Sakwise dadi stadion si jalak harupat diresmikake nalika dina dadine Kabupaten Bandung kaping 364, tanggal 26 April 2005 dening Agum Gumelar kang njabat dadi Ketua Umum Komite Olahraga Nasional Indonesia Pusat.[2]
[sunting] Fasilitas
Fasilitas kang ana ing stadion iki yaiku:
- Lapangan bal-balan dadi arena utama, suket ing lapangan iki yaiku jenis zoyzia matrella lin mer kang bisa meminimalake cedera pemain.
- Lampu kanggo lapangan duwe kekuatan 1.000 lux kang mungkinake dilaksanakake pertandingan wayah wengi.
- Papan skor (scoring board) elektronik.
- Lintasan (track) kanggo atletik kanthi ukuran kang standar cacahe 8 lintasan.
- Tribun penonton kang bisa nampung 27.000 - 40.000 penonton.
- Fasilitas komersial.
- Fasilitas penunjang liyané kaya toilèt, kantin, ruang ganti pemain, ruang wasit, lan liya-liyane.
Luas bangunan saka stadion iki yaiku:
- Bangunan 28.177 m²
- Lapangan bal-balan 7.500 m²
- Lansekap 13.000 m²