Stadion Roland Garros
| Stade Roland Garros | |
|---|---|
Nikolay Davydenko menyervis ke David Nalbandian di Court Suzanne Lenglen, Perancis Terbuka 2006 |
|
| Lokasi | Arondisemen ke-16, Paris, Perancis |
| Dibuka | 1928 |
| Permukaan | "Clay" (see text) |
| Kapasitas | 14,840 (Court Philippe Chatrier) 10,068 (Court Suzanne Lenglen) 3,800 (Court 1) |
| Pemakai | |
|
|
|
Stadion Roland Garros (Inggris: "Stade Roland Garros") iku komplek stadion tenis kang ana ing Paris, Prancis. Stadion iki asring digunakake kanggo nggelar kompetisi tenis, utamane Prancis Terbuka (di ngerteni minangka Roland Garros saka Prancis). Turnamen Prancis Terbuka iku turnamen Grand Slam kang dianakake setaun sepisan ing sasi Mei nganti Juni.[1] Stadion iki dibangun taun 1928. Turnamen kang pisanan dianakake ing stadion iki yaiku Piyala Davis. Stadion iki dijenengi Roland Garros amarga kanggo mengeti marang wong kang nduweni jeneng padha, Roland Garros kang pisannan isa mlebu ing Laut Mediterania nggunakake pesawat. Dheweke iku insinyur kang nemokake senapan mesin pesawat penembak maju kang pisannan, lan uga dadi pahlawan Perang Ndonya I.[2] Dheweke kapundhut taun 1918 amarga perang.
Komplek iki ambane 21 acre (8,5 ha) ing jerone ana 20 lapangan. Ana telu lapangan kang kapasitase gedhe;
- Les Jardins de Roland-Garros, ana restoran gedhe lan komplek bar.
- Le Village, panggon pers lan VIP; papan pelatihan nasional Prancis (CNE)
- Tenniseum, awujud museum bilingual kang isine sajarah tenis.
Cathetan Suku [sunting]
- ^ www.gemtennis.com(diundhuh tanggal 1 Agustus 2011)
- ^ www.fft.fr(diundhuh tanggal 1 Agustus 2011)