Sriwijaya FC

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Logo Sriwijaya FC

Sriwijaya Football Club (disingkat Sriwijaya FC) saiku sawijining klub bal-balan Indonesia kang duwe markas ana ing Palembang.[1] Tim kang dijuluki Laskar Sriwijaya iki dadi tin kang dikelola dening PT Sriwijaya Optimis Mandiri (PT SOM) sakwise opsi kepemilikan saka Pemerintah Provinsi Sumatra kidul.[1] Presiden Sriwijaya saiki yaiku Doddy Alex Reza kang kalebu putra saka gubernur Sumatra Kidul, Alex Noerdin.[1] Tim kang klambine abang, kuning motif songket iki duweni 2 kelompok suporter, S-Mania lan Singa Mania kang digabung dadi Sumselmania.[1] Sriwijaya FC yaiku juara Divisi Utama Liga Indonesia 2007.[1]

[sunting] Sejarah

Sriwijaya FC makili provinsi Sumatera Kidul, nanging Sriwijaya FC digawe ing Jakarta kanthi nama Persijatim ing taun 1976.[2] Amarga alasan finansial, klub iki pernah pindah ing Solo lan dadi Persijatim Solo FC ing taun 2002 nganti tekan 2004.[2] Sawise kuwi, Sriwijaya FC dituku dening pemerintah provinsi Sumatera Kidul lan diganti jenenge dadi Sriwijaya FC Palembang.[2]

[sunting] Logo SFC

Logo Sriwijaya FC bentukebunder ana tulisane Sumatera Selatan Bersatu Teguh kang artine Sriwijaya FC bisa digunakake kanggo salah siji sarana kanggo mujudake kesatuan kang bulat saka kabeh masyarakat ing Provinsi Sumatera Kidul.[2]

[sunting] Cathetan Suku

  1. a b c d e (id)Sriwijaya Fc (Dipuntingali tanggal 30 Juli 2011)
  2. a b c d (id)Sriwijaya FC Segera Patenkan Nama dan Logo (Dipuntingali tanggal 30 Juli 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sriwijaya_FC&oldid=655687"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès