Sony Dwi Kuncoro
| Sony Dwi Kuncoro | |
|---|---|
| Informasi Pribadi | |
| Tanggal lair | 7 Juli 1984 (umur 28) |
| Papan lair | Surabaya, Jawa Timur, Indonesia |
| Dhuwur | 1.72 m (5 ft 8 in) |
| Men's singles | |
| Negara | |
| Tangan sing dipigunaaké | Right |
| Palatih | Hendrawan |
| Ranking paling dhuwur | 3 (October 7, 2004[1]) |
| Ranking saiki | 6 (May 15, 2008) |
| Profil BWF | |
Sony Dwi Kuncoro (lair Surabaya, Jawa Timur, 7 Juli 1984) kuwi pamain badminton saka Indonesia. Ing Olimpiade Athena 2004, putra pasangan Mochammad Sumadji lan Asmiati iki ngrebut medali perunggu tunggal putra sawisé ngalahaké Boonsak Ponsana saka Thailand kanthi angka 15-11, 17-16.
Sony sabanjuré njuwarani Kajuwaraan Badminton Asia ing 11 September 2005 ngalahaké pamain Malaysia, Kuan Beng Hong.
Sony dadi tunggal kasiji ing tim Thomas Cup Indonesia.
Bab lan Paragraf |
Karir [sunting]
Turnamèn utama [sunting]
| Ranking | Pertandhinagn | Tanggal | Papan |
|---|---|---|---|
| Olimpiade mangsa panas | |||
| 3 | Single | Olimpiade mangsa panas 2004 | Atena, Yunani |
| Piala Donya IBF | |||
| 2 | Single | Piala Donya IBF 2007 | Kuala Lumpur, Malaysia |
| Piala Asia | |||
| 1 | Single | 2002 | |
| 1 | Single | 2003 | |
| 1 | Single | 2005 | |
| 2 | Single | 2004 | |
Oliampiade mangsa panas 2004 [sunting]
| Rèkor medali Olimpiade | |||
| Badminton ing Olimpiade mangsa panas Putra | |||
|---|---|---|---|
| Prunggu | Olimpiade mangsa panas 2004 Atena | Single | |
Sony Kuncoro main single putra ing Olimpiade mangsa panas 2004, ngalahaké M. Roslin Hashim saka Malaysia lan Jim Ronny Andersen saka Norwegia ing rong babak pisanan. Ing babak saprapat final, Kuncoro ngalahaké Park Tae-sang saka Koréa 15-13, 15-4. Kuncoro maju menyang babak semi final, nanging dikalahaké déning Shon Seung-mo saka Koréa 15-6, 9-15, 15-9. Ing parebutan medali perunggu Sony menang lawan Boonsak Ponsana saka Thailand kanthi skor 15-11, 17-16.
Piala Donya IBF 2007 [sunting]
Sony nggayuh runner up ing Piala Donya IBF 2007 sawisé kalah saka Lin Dan kanthi rong sèt langsung yakuwi 11-21 lan 20-22 ing Putra Stadium, Bukit Jalil, Malaysia.
Prèstasi liyané [sunting]
Ing tanggal 23 September, 2007, Sony menangaké Taiwan Tarbuka sawisé ngalahaké Taufik Hidayat ing babak final kanthi skor 18-21, 21-6, 21-13. Sony uga kaping pidho menangaké medali emas single putra ing SEA Games (2003, 2005). Ing SEA Games 2007, Sony uga dadi anggota tim Indonesia menangaké medali emas tim putra.
Partisipasi ing tim Indonesia [sunting]
- Kaping 3 ing Sudirman Cup (2003, 2005, 2007)
- Kaping 3 ing Thomas Cup (2004, 2006, 2008)