Songpyeon
Songpyeon (송편) yaiku jinis roti beras saka Korea (tteok) kang digawe saka adonan glepung beras kang bentuke kaya bulan sabit lan dikukus.[1][2] Songpyeon ana kang nganggo isi lan ana kang ora nganggo isi.ref name="songpyon"/> Isi songpyeon arupa saus kacang abang, kacang kedelai, chestnut, jujube, lan wijen.[1] Nalika songpyeon dikukus, ditambahi ri cemara ing dhuwure kang duweni teges roti mau ora kathil, saliyane kuwi ri cemara bakal gawe rasa roti songpyeon luwih enak.[1] Songpyeon disuguhake nalika dina kusus yaiku ing dina riyaya Chuseok utawa pesta panen saben wulan September.[1] Ing dina mau kulawarga ing Korea menehi sesembahan panganan lan ombenan marang arwah nenek moyang ing altar, lan roti songpyeon yaiku salah siji jinis panganan kang disuguhake.[1] Roti iki digawe kanthi bebarengan dening sawijining kulawarga banjur diwenehake marang kanca raket lan tangga.[1]
Jinis [sunting]
- Patsongpyeon, songpyeon isi saos kacang abang.
- Kkaesongpyeon, songpyeon isi wiji wijen.
Cathetan suku [sunting]
Ģ