Sogok telik
| Saga pohon | |
|---|---|
| Adenanthera pavonina ono ing wite. | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Fabales |
| kulawarga: | Fabaceae |
| Subkulawarga: | Mimosoideae |
| Genus: | Adenanthera |
| Species: | A. pavonina |
| Jeneng binomial | |
| Adenanthera pavonina L. |
|
Sogok telik utawa Sogok thuntheng (Adenanthera pavonina) sawijining wit-witan kang memper tanduran pete, kagolong kacang-kacangan. Tanduran iki asale saka Asia Kidul lan wis sumebar ing daerah-daerah tropis. Wit sogok telik duwure bisa nganti watara 10 meter lan gedhene sakprangkulan. Ing karang padesan, sogok telik umume thukul ana ing pomahan sakiwa tengen omah. Dene ing kutha, biasa ditandur ing kiwa-tengen dalan gedhe utawa taman kanggo eyup-eyup.
Godhonge saemper karo godhong pete lan kelor, lan nduweni kasiat kanggo tamba rematik. Kayune cukup atos saengga kena kanggo mebel, kusen lan balungan omah.
Isine kang werna abang menceling biasa diklumpukake bocah-bocah kanggo dolanan, utawa dibakar lan njerone dipangan.
Tanduran liya kang uga nduweni jeneng sogok telik yaiku Abrus precatorius kang awujud wit-witan mrambat kang isine bunder-bunder sak gotri werna abang menceling uga lan ono campuran werna ireng. Kanggo mbedakake, diarani sogok telik lanang.