Sogok untu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Sogok Untu)
Tusuk gigi dari kayu

Sogok Untu ya iku kayu utawa plastik cilik kang wujudé arep kaya biting kang minangka ngresiki sisa-sisa panganan kang nyelip ana ing sela-salané untu.[1] Sogok untu racaké duwé siji utawa loro pucuk kang lancip kanggo nyukil panganan kang isih kèri ing sela-selaning untu.[1]

Asal-usule Sogok Untu[besut | besut sumber]

Anané sogok untu iku wis suwé banget éwonan taun kapungkur, manawa bisa dadi piranti ngresiki untu kang tuwa dhéwé.[1] Sadurungé sikat untuk digawé, anggoné ngresiki untu, wong-wong nggunakaké kayu cilik kang bisa ndadèkaké untu resik.[1] Sogok untu kang nggawéné saka perunggu wis tau tinemu ing antarané perkakas-perkakas kang katut dipendhem ing jero kuburan-kuburan pra-sajarah ing Italia Utara lan Alpen Timur.[1] Sogok untu uga dingertèni ing Mesopotamia.[1]

Ana conto-conto sogok untu kang apik lan artistik saka pérak ing jaman kuna, utawa saka kayu mastis kang racaké dianggo karo bangsa Romawi.[1]

Rikala abad kaping 17, sogok untu dianggep barang mewah nganti dipadha-padhakake karo perhiasan permata.[1] Wong-wong jaman semono nggawe sogok untu saka emas banjur dihiasi karo watu-watu akik.[1]

Saiki, amarga ngèlmu kadhokteran gigi wis maju, pangganggonan sogok untu rada ora diéntuki, mula piranti-piranti liyané kaya benang untu lan sikat untu luwih disenengi.[1] Nanging amarga ana terobosan mutakhir ing tèknologi rasa, sogok untu tetep disenengi wong akèh.[1]

Praja Maine ing Amérikah Sarékat dadi produsen paling gédhé kanggo sogok untu.[1] Ing Koréa Kidul, kanggo ngoyak-ngoyak rakyaté supaya bisa ngajeni lingkungan, ana perusahaan nggawé sogok untu kang bisa dipangan. Sogok untu iki digawé saka tela, ketok bening lan empuk yèn kena banyu panas.[1]

Bebayane nggunakaké sogok untu[besut | besut sumber]

Sogok untu ya iku barang kang kerep digoléki, mligi sawisé mangan panganan kang akèh seraté kaya jangan-jangan lan daging.[2] Malah ora sithik wong kang ora bisa urip tanpa sogok untu, mula dhèwèkè mesthi nyiapaké sogok untu ing tasé.[2] Padahal, yèn kerep-kerep nggunakaké sogok untu lan ora resik bisa mbebayani.[2] Nggunakaké sogok untu kang ora trep bisa natoni jaringan lunak ing sekitaré untu, banjur bisa ndadèkaké keradangan ing jaringan lunak mukosa gronggongan mulut.[2] Saliyané iku sogok untu bisa ndadèkaké untu tambah benggang amarga diameter sogok untu lumayan gedhé.[2] Iritasi lan trauma terus-terusan bisa ndadèkaké benjolan ing gingiva utawa gusi kang kerep diarani epulis.[2]

Epulis amarga nggunakaké sogok untu kerep-kerep lan ora steril iku diarani Epulis Fibromatosa.[2] Epulis iki awujud benjolan lan duwé tangkai, empuk, wernane pucet, ora gampang metu getihe, lan ora lara.[2] Penanganané ya iku eksisi utawa diketok lan di kuretage utawa kuret jaringan lunak.[2] Kumaté penyaki iki yèn pakulinan nganggo sogok untu sig kereb banget lan ora steril tetep dilakoni.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m Sejarah tusuk gigi[pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 30 Agustus 2012)
  2. a b c d e f g h i j Bahaya Tusuk Gigi Archived 2012-09-02 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 3 September 2012)