Soca

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Sacara metafora soca manungsa asring dipunanggep minangka "jendela jiwa"

Soca inggih punika salah satunggaling organ paningal ingkang ndeteksi cahya. Ingkang paling prasaja kang saged dipunlakokaken déning soca punika mangertosi kaanan padhang utawi peteng. Soca ingkang langkung kompleks dipun-ginakaken kanggé maringi pangertosan visual.[1]

Pérangan Soca[besut | besut sumber]

Pérangan Soca kapérang wonten pinten-pinten inggih punika:

  1. Sklera (pérangan pethak soca), punika lapisan jawi soca ingkang warnanipun pethak saha relatif kuwat.
  2. Konjungtiva, punika selaput tipis ingkang nglapisi pérangan lebeting kelopak soca saha pérangan jawi sklera.
  3. Kornea, punika struktur transparan ingkang kados déné kubah, minangka bungkusing iris, pupil saha bilik anterior sarta mbiyantu fokusaken cahya.
  4. Pupil, punika laladan cemeng ing tengah-tengahing iris.
  5. Iris, punika jaringan ingkang gadhah warna kang awujud sesupé, nggantung ingkang sakwingkipun kornea saha ing ngajengipun lensa.
  6. Lensa, punika struktur cembung ganda ingkang nggantung antawisipun humor aqueus saha vitreus.
  7. Retina, punika lapisan jaringan peka cahya ingkang dumunung wonten ing pérangan wingking bola soca.
  8. Saraf optikus, punika kumpulaning serat saraf ingkang bekta pesan visuil saking retina dhateng utek.
  9. Humor aqueus, punika cuwèran bening saha éncér ingkang mili antawisipun lensa saha kornea (ngisi segmen anterior soca), sarta sumber pangan kanggé lensa saha kornea; dipunasilaken saking prosesus siliaris.
  10. Humor vitreus: gel transparan kang dumunung ing sakwingkipun lensa saha sakngajengipun retina(ngisi segmen posterior soca).[2]

Fungsi pérangan Soca[besut | besut sumber]

  • Kornea: njagi soca saking gangguan jawi.
  • Aqueous humor: maringi wujud saha kakuwatan soca.
  • Lensa: mbiasaken cahya saéngga ngasilaken bayangan kang tajem saha dawah trep ing retina.
  • Iris: maringi warna soca.
  • Vitreous humor: maringi wujud saha kakuwatan soca.
  • Retina: layar panampi cahya.[3]

Cara soca makaryan[besut | besut sumber]

Soca manungsa gadhah cara makaryan ingkang sampurna, soca kadhapur saking 40 unsur utami ingkang bènten saha sadayanipun gadhah fungsi piyambak. Lapisan tembus cahya ing sakngajengipun soca punika kornea, ing wingkipun punika iris. Cara soca makaryan inggih punika: nalika cahya ngenani soca sinyal saraf kadhapur saha dipunkintunaken dhateng utek kanggé maringi warta babagan kawontenan saha kakuwatanipun cahya, lajeng utek ngintun malih sinyal saha dhawuh ngantos pundi otot ing kiwa-tengené iris kedah ngerut. Pérangan soca sanèsipun ingkang makaryan sesarengan kanthi struktur punika lensa. Lensa tugasipun mokusaken cahya ingkang mlebet ing soca wonten ing lapisan retina sakwingkingipun soca. Amargi otot-otot ing kiwa-tengené lensa cahya ingkang dumugi wonten soca saking sadaya sudut saha jarak kang bénten saged dipunfokusaken wonten retina.[1]

Jinis lelara soca[besut | besut sumber]

  1. konjungtivitis, dipunsebabaken kaliyan peradangan amargi infeksi ing selaput pelapis soca. Tandha-tandha lelara punika, soca warnanipun abrit, nyeri ugi gatel, bélèken utawi medal kotoran sarta paningalipun bureng. Biyasanipun lelara punika dipunsebabaken amargi virus saha baktèri.
  2. keratokonjungtivitas vernalis, dipunsebabaken kaliyan iritasi wonten ing laladan kornea amargi alergi saéngga saged nimbulaken raos sakit wonten ing soca. Tandha-tandha lelara punika, soca warnanipun abrit,gatel, medaltoya saking soca, kelopak soca mbengkak, bélèken utawi medal kotoran.
  3. endoftalmitis, dipunsebabaken kaliyan infeksi ing lapisan soca saéngga bola soca medalaken nanah. Tandha-tandha lelara punika, soca warnanipun abrit, nyeri, kanthi paningalipun ngalami gangguan. Kaanan punika dipunsebabaken kacilakaan kados déné soca kena bandha lincip.
  4. selulitis orbitalis, dipunsebabaken kaliyan peradangan kang kadadéan ing kiwa-tengené jaringan bola soca. Tandha-tandha lelara punika, soca warnanipun abrit, kelopak soca mbengkak, bola soca nongol, nyeri sesarengan bentér. Wonten ing tiyang alit limrahipun dipunsebabaken amargi cidera soca.
  5. trakoma, dipunsebabaken kaliyan baktèri Chlamydia Trachomatis. Bakteri punika mapan ing laladan kang reged. Tandha-tandha lelara punika, soca warnanipun abrit, kelopak soca mbengkak, bélèken, saha klanjer getah bening saha kornea soca katingal kebak.
  6. blefaritis, dipunsebabaken kaliyan peradangan utawi iritasi ing kelopak soca amargi klanjer lenga ngasilaken lenga ingkang langkung kathah. Tandha-tandha lelara punika, soca warnanipun abrit, gatel, kelopak soca mbengkak, bentér.
  7. dakriosistitis, dipunsebabaken kaliyan penyumbatan wonten ing duktus nasolakrimalis inggih punika saluran toya soca ingkang mili wonten ing grana. Lelara punika dipunsebabaken amargi alergi. Tandha-tandha lelara punika, kantong toya soca ngalami nyeri, soca warnanipun abrit, bentér, mbengkak, medalaken nanah.
  8. ulkus kornea, dipunsebabaken kaliyan infeksi wonten ing pérangan jawi kornea. Lelara punika saged kadadéan amargi jamur, protozoa, baktèri, saha virus. Tandha-tandha lelara punika, soca warnanipun abrit, nyeri, gatel, bentér, peka dhumateng cahya saha katingal bintik nanah wonten ing kornea saha gangguan paningalan.[4]

Sabab lelara soca[besut | besut sumber]

  • virus utawi baktèri, jampinipun salep ingkang ngewrat antibiotika.
  • katarak, jampinipun operasi.
  • kalelahan, jampinipun Augentonic.
  • Kekirangan vitamin A, jampinipun biovision.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b Pangertosan saha cara makaryaning Soca Archived 2012-03-09 at the Wayback Machine.(dipununduh 31 oktober 2012)
  2. Bagéan Soca(dipununduh 31 oktober 2012)
  3. Fungsi bagéan Soca Archived 2013-05-19 at the Wayback Machine.(dipununduh 31 oktober 2012)
  4. Jinis penyakit soca Archived 2012-10-25 at the Wayback Machine.(dipununduh 31 oktober 2012)
  5. Sabab penyakit soca (dipununduh 31 oktober 2012)