Situs Ratu Baka
| Ratu Baka | |
Gerbang kompleks Ratu Boko |
|
|
|
|
| Informasi Bangunan | |
|---|---|
| Dumunung | Cerak Kutha Yogyakarta, DIY |
| Negara | Indonesia |
| Koordinat | 7°46′16″S 110°29′28″E / 7.771°S 110.491°EKoordinat: 7°46′16″S 110°29′28″E / 7.771°S 110.491°E |
| Klien | Wangsa Sailendra utawa Kerajaan Medang Mataram |
| Rampungan | kira-kira abad ka-8 |
| Jinis | kompleks kraton |
Situs Ratu Baka inggih menika wangunan tilaranipun Krajaan Mataram Kina ingkang wonten ing Provinsi Dhaérah Istiméwa Yogyakarta.[1] Wangunan menika wonten ing sisih kidulipun Candhi Prambanan, jarak antawisipun kalih candhi menika kinten-kinten 3 km.[2] Situs Ratu Baka dipunwangun ing wekdal pamarintahanipun Rakai Pangkaran, salah satunggalipun trah katurunan Wangsa Syailendra.[1] Kompleks Situs Ratu Baka menika wiwitanipun dipunpanggihi dèning van Boeckhlotz ing taun 1790.[2] Ananging nembe setunggal atus taun salajengipun, panaliten dhateng situs menika nembe dipunwontenaken lan dipunpublikasikaken ing buku Keraton van Ratoe Boko.[2] Miturut pamanggih para ahli sajarah, situs ingkang awujud candhi menika nggadhahi multifungsi, inggih menika minangka bénthèng keraton, panggenan ngibadah, lan guwa.[2] Jembar sedaya areal candhi ingkang wonten ing 196 m ing sanginggilipun permukaan laut menika inggih menika 250.000 méter kubik.[2] Situs menika kapérang saking sekawan wangunan, sisih kilèn, wétan, lan tengahipun. Wangunan candhi menika kapérang saking wangunan gapura utami, lapangan, candhi pembakaran, kolam, lan kompleks keputren.[2] Ing sisih wangunan menika ugi wonten sumur ingkang namanipun Amerta Mantana ingkang tegesipun toya suci.[2] Ing sisih wétanipun wonten kompleks guwa, stupa Budha, lan kolam.[2] Lan ing sisih kilènipun wonten perbukitan ingkang narik kawigatén kangge papan lérèn sasampunipun kliling situs candhi menika.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Pranala Njawi [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.