Situs Candhi Batujaya
Situs Candhi Batujaya iku situs peninggalan agama Buddha kuna yaiku saking abad awal Masehi ing kecamatan Batujaya lan sebageyan ing kecamatan Pakisjaya, kabupatèn Karawang, provinsi Jawa Kulon. Situs iki ditemokaké taun 1984 dening tim arkeologi Fakultas Ilmu Budaya UI.
Candhi-candhi ing situs iki nambah temuan candhi sing ditemoaké ing wilayah Jawa Kulon (sedurungé wis ditemokaké Candhi Cangkuang ing kecamatan Leles, kabupaten Garut). Candhi ing Batujaya iki uga dadi candhi watu bata paling tuwa sing ditemoaké.
[sunting] Peninggalan
Situs iki ketata saking candhi-candhi, uga ana struktur-struktur liya sing kemungkinan fondasi umah lan liyane sing jembare sekitar 5 km2. Wis ana sekitar 11 candhi sing ditemoake, antara liya Candhi Jiwa, Candhi Blandongan lan Candhi Serut. Seliyane candhi iku uga ditemoake:
- Votive tablet
- Potongan prasasti
- Manik-manik
- Rangka menungsa
- Potongan tembikar
- Potongan terakota lan liya-liyane.
[sunting] Pranala njaba
- Pikiran Rakyat: 24 Candi Terkubur di Karawang diakses 15 Sep 2009.
[sunting] Referensi
- Bambang Budi Utomo. 2004. Arsitektur Bangunan Suci Masa Hindu-Budha di Jawa Barat. Kementrian Kebudayaan dan pariwisata, Jakarta. ISBN 979-8041-35-6