Sistem Koloid
Sistem koloid (sabanjuré dicekak "koloid") arupa wangun campuran (sistem dispersi) loro utawa luwih dat siang asifat homogen nanging nduwèni ukuran partikel kadispersi sing cukup gedhé (1 - 100 nm), saéngga kena èfèk Tyndall. Duwé sifat homogen tegesé partikel kadispersi ora kapengaruh déning gaya gravitasi utawa gaya liya; saéngga ora ditemokaké pangendhapan. Sifat homogen iki uga diduwèni déning larutan, nanging ora diduwèni déning campuran biasa (suspensi).
Koloid akèh ditemokaké ing ngendi-endi: susu, ager-ager, mangsi, sampo, sarta méga minangka conto-conto koloid sing bisa ditemoni sadina-dina. Sitoplasma jroning sèl uga minangka sistem koloid. Kimia koloid sing dadi kajian dhéwé jroning kimia indhustri amarga kawigatèné.
Werna-werna koloid [sunting]
Koloid nduwèni wangun werna-werna, gumantung saka fasa dat pendispersi lan dat kadispersinya. Sawetara jinis koloid: