Sirsat

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Sirsat
Sirsat, gumandul ana ing wite
Klasifikasi èlmiah
krajan: Plantae
divisio: Angiospermae
(unranked): Magnoliids
ordo: Magnoliales
kulawarga: Annonaceae
Genus: Annona
Species: A. muricata
Jeneng binomial
Annona muricata
L.[1]

Sirsat, nangkli utawa durèn landa (Annona muricata L.) iku tetanduran migunani sing asalé saka Karibia, Amérika Tengah lan Amérika Kidul.[2] Ing manéka dhaérah Indonésia ditepungi minangka nangka sabrang, nangka landa (Jawa), nangka walanda, sirsak (Sundha), nangka buris (Madura), srikaya jawa (Bali), deureuyan belanda (Aceh), durio ulondro (Nias), durian betawi (Minangkabau), sarta jambu landa (Lampung).[2] Panyebutan "belanda" lan variasiné nuduhaké yèn sirsat (saka basa Walanda, zuurzak) ditekakaké déning pamaréntah kolonial Walanda ing Nuswantara, yaiku ing abad kaping 19.[2] Jeneng sirsat dhéwé asalé saka basa Walanda Zuurzak sing tegesé kanthong sing asem.[2]

Tanduran iki ditandur sacara komersial utawa selingan kanggo dijupuk daging wohé. [2]Wité dhuwuré bisa nganti sangang meter. [2]Tanduran iki bisa tuwuh ing sabarang papan, paling akèh ditandur ing dhaérah sing cukup ngandhut banyu.[2] Ing Indonésia sirsak bisa tuwuh kanthi becik ing kadhuwuran 1000 meter sadhuwuring lumahing segara.[2]

Woh[sunting | sunting sumber]

Woh Sirsak

Woh sirsat dudu woh sejati, sing ukurané cukup gedhé nganti 20-30 cm kanthi bobot tekan 2,5 kg.[2] Sing diarani woh sabeneré iku kumpulan woh-woh (woh agregat) kanthi wiji tunggal sing silih dhèmpèt lan 'kélangan' wates antar woh.[2] Woh iki asring dipigunakaké kanggo bahan baku jus ombèn sarta ès krim.[2] Woh sirsat ngandhut akèh karbohidrat, utamané fruktosa. [2]Kandhutan gizi liyané yaiku vitamin C, vitamin B1 lan vitamin B2 sing cukup akèh. [2]Wijiné ngandhut racun, lan bisa dipigunakaké minangka inséktisida alami, kayadéné wiji srikaya.[2]

Daging woh sirsat rupané putih lan nduwéni wiji wernané ireng. [3] Sirsat bisa diolah dadi ès sirsat lan jus sirsat.[4] Jus lan ès sirsat bisa diwénéhi sirup kanggo nambahi rasa, déné rasa sirup kang kapilih gumantung kasenengané wong kang nggawé jus utawa ès sirsat.[4]

Kasehatan[sunting | sunting sumber]

Woh sirsat, kembang, lan wijiné migunani banget kanggo kaséhatan.[5] Tuladhané kanggo obat kanker, ambéien, liver, bisul, éksim, rematik, lan lara ing bangkékan.[5] Sirsat kalebu woh kang migunani awit ngandhut banyu, serat, gula, vitamin lan mineral.[5] Sirsat uga ngandhut zat antioksidan kang bisa ncegah kanker. [5] Studi ing Purdue University mbuktékaké yèn godhong sirsat bisa maténi sél kanker kanthi éféktif, utamané kanker prostat, pankréas, lan paru-paru.[6]

Sirsat daging buahé nduwé werna putih lan rasané seger awit legi lan kecut. [2]Saliyané seger rasané, sirsat uga bisa ngobati penyakit ambéien, kandung kemih, mencrét, lan bisul.[2] Penyakit liyané kang bisa ditambani.[2]

Dasanama[sunting | sunting sumber]

Jeneng Umum : Buah sirsak / sirsat[2] Jeneng Latin : Annona muricata L[2]

Jeneng liyané : Soursop (Inggris), Corossol atau Anone (Perancis), Zuurzak (Belanda) guanábana (Spanish), graviola (Portuguese), Brazilian Paw Paw, Corossolier, Guanavana, Toge-Banreisi, Durian benggala, Nangka blanda, Nangka londa, Durén Landa nangka sabrang, Nangka buris, lan ing Bali, luwih dikenal kanthi jeneng srikaya Jawa. [2]

Habitat[sunting | sunting sumber]

Sirsat asalé saka nagara Karibia, Amérika Tengah.[3] Tanduran iki gampang ditemokaké ing dhaérah-dhaérah ing Indonésia. [3]Sirsat biyasané urip subur ing panggonan kang akéh banyuné.[3] Tanduran sirsat biyasané dimanfaatké wohe.[3] Woh sirsat bentuké kaya nangka nanging ukurané luwih cilik lan ana rambuté ing njaba woh.[3] Sirsat thukul nganti dhuwuré sangang méter. [3]Sirsat urip ing dhaérah kang dhuwuré nganti 1000 m ing sandhuwuré permukaan laut.[3]

Gizi[sunting | sunting sumber]

Sirsat ngandhut akéh gizi kang migunani tumprap kaséhatan.[7]Sirsat uga bisa digawé jus lan dicampur karo buah liyané, contoné karo woh jambu kluthuk abang kang nduwéni khasiat ningkataké sel darah merah utawa hemoglobin.[7]

Réferènsi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ "Annona muricata information from NPGS/GRIN". www.ars-grin.gov. http://www.ars-grin.gov/cgi-bin/npgs/html/taxon.pl?3492. Retrieved 2008-03-03.
  2. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y (id)http://kabarsoloraya.com(dipunundhuh tanggal 9 Mei 2011)
  3. ^ a b c d e f g h (id)http://baitulherbal.com/(dipunundhuh tanggal 9 Mei 2011)
  4. ^ a b (id)http://nostalgia.tabloidnova.com/(dipunundhuh tanggal 9 Mei 2011)
  5. ^ a b c d (id)http://sehatnews.com/(dipunundhuh tanggal 9 Mei 2011)
  6. ^ (id)http://daunsirsak.net/(dipunundhuh tanggal 9 Mei)
  7. ^ a b c d e f (id)http://intisari-online.com(dipunundhuh tanggal 9 Mei 2011)

Galeri[sunting | sunting sumber]

Pranala njaba[sunting | sunting sumber]

Logo Wikimedia Commons
Pirsani galeri bab Sirsat ing Wikimedia Commons.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sirsat&oldid=821167"