Simplas
Simplas yaiku kontinum sitoplasma kang gegayutan dening plasmodesmata ing tanduran lan duweni fungsi kanggo ngangkut banyu lan mineral saka oyot tekan xilem.[1]Proses panyerapan banyu lan zat hara ing oyot tanduran bisa lumantar dalan loro, yaiku ing jaba pembuluh lan ing jero pembuluh.[2] Pangangkutan ing jaba pambuluh kaperang dadi apoplas lan simplas.[3] Simplas ngemot sitoplasma kabeh sel tanduran lan vakuola.[2] Simplas miangka siji unit amarga protoplas sel kang jinejeran tansah gegayutan lumantar plasmodesmata.[2] Bahan kayata glukosa bisa ngliwati plasmodesmata saka sel tekan sel kaping ewonan luwih cepet tinimbang karo nembus membran lan dinding sel.[2] Ananging partikel kang luwih gedhe saka 10 nm ora bisa ngliwati plasmodesmata.[2]
[sunting] Delengen uga
[sunting] Cathetan suku
- ↑ Campbell NA, Reece JB, Mitchell LG. 2002. Biologi, Edisi Kelima, Jilid I. Jakarta: Erlangga. Hal:G2. ISBN 979-688-468-2
- ↑ a b c d e Salisbury FB, Ross CW. 1995.Fisiologi Tumbuhan. Indonesia: Penerbit ITB Bandung. Hal 22. ISBN 979-8591-20-8.
- ↑ Furqonita D. 2007. Biologi. Indonesia: Penerbit Yudistira. Hal 177. ISBN 978-979-746-789-0.