Silek Minangkabau

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Silat Minangkabau ing taun 2011
Silek Minangkabau utawi Silat Minangkabau

Silek Minangkabau utawi Silat Minangkau inggih menika seni bela dhiri saking Minangkabau, Sumatra Kilèn, Indonésia ingkang turun tinurun saking génerasi satunggal dhateng génerasi sangandhapipun.[1] Tiyang Minang nggadhahi tradisi remen ngrantau wiwit rumiyin.[2] Kangge ngrantau menika tiyang Minang kedah nggadhahi sangu kangge njagi badan pribadi nalika ing margi utawi ing rantau, tuladhanipun menawi dipunkroyok utawi dipunbégal tiyang ingkang awon.[2]


Sasanèsipun minangka sangu kangge ngrantau, silek penting kangge njagi nagari saking anceman saking njawi.[2] Wewengkon Minangkabau ing sisih tengah Sumatera inggih menika dados dhaérah ingkang subur lan dados prodhusén rempah-rempah wiwit abad kapisan masehi.[2] Amargi saking menika, sikek ugi nggadhahi mangfaat njagi dhaérah kasebat saking anceman kaamanan.[2] Sikek Minangkabau nggadhahi mangfaat minangka:

  • panjago diri (njagi badan pribadi saking tiyang awon), lan
  • parik paga dalam nagari (sistem pertahanan negeri).[2]

Kangge kalih mangfaat menika, masyarakat Minangkabau ing wekdal rumiyin kedah nggadhahi sistem pertahanan ingkang saé kangge njagi badan pribadi lan negerinipun saking anceman mungsuh.[2] Silek boten namung dados piranti bela dhiri, ananging ugi dados dhasar gerakan kasenian randai (drama Minangkabau).[2]


[sunting] Pranala Njawi

[sunting] Cathetan Suku

  1. (en)[Hiltrud Theresia Cordes. Pencak Silat, die Kampfkunst der Minangkabau und ihr kulturelles Umfeld. Ed 2. Afra Verlag. 2000]
  2. a b c d e f g h (en)[Kirstin Pauka. A Flower of Martial Arts: The Randai Folk Theatre of the Minangkabau in West Sumatra. Asian Theatre Journal, Vol. 13, No. 2 (Autumn, 1996), pp.167-191]

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Silek_Minangkabau&oldid=651360"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès