Sherina Munaf
| Sherina Munaf | |
|---|---|
| Latar mburi | |
| Jeneng lair | Sinna Sherina Munaf |
| Lair | 11 Juni 1990 (umur 22) Bandung, Indonesia |
| Taun aktif | 1999 - sekarang |
| Parusahan rekaman | Trinity Optima Production |
| Wong tuwa | Triawan Munaf dan Luki Ariani |
Sherina Munaf yaiku artis lan penyanyi wedok ing Indonesia kang nduweni jeneng jangkep Sinna Sherina Munaf. [1] Dheweke lair ing Bandung, Jawa Barat, nalika tanggal 11 Juni 1990. [1] Kenya putri saka pasangan Triawan Munaf lan Luki Ariani. [1] Dheweke kalebu artis kang nganut agama Islam. [1] Sherina terkenal kawit cilik. [1] Penampilane kang lugu kayadene bocah-bocah, nanging kuwalitas swarane ora kalah karo wong diwasa, iku kang ndadekake dheweke disenengi wong akeh. [1] Kang seneng Sherina ora mung bocah cilik, nanging uga wong-wong kang luwih tuwa saka kenya. [1]
Karir [sunting]
Ing taun 1999, Sherina mulai nggawe album kang kapisanan kanthi irah-irahan "Andai Aku Besar Nanti". [1] Tembang-tembang kang ana ing album iku yaiku, "Andai Aku Besar Nanti", "Pelangiku", lan "Kembali ke Sekolah". [1] Sawise iku, kenya nggawe album kang kaping pindho kang uga diangkat dadi film layar lebar. [1] Film iku dimainake bareng Didi Petet, Mathias Munchus, lan Butet Kartaradjasa. [1] Film iku ndadekake Sherina minangka bintang pilem, senadyan fileme kang liyane durung ana. [1] Nalika remaja, Sherina nggarap album My Life kanthi tembang kang diandhelake My Life, Aku Tlah Dewasa, lan Clik Clok. [1] Nalika taun 2007, kenya nggarap album maneh kanthi irah-irahan Primadona. [1] Ing album iku, dheweke tampil kanthi gaya kang diwasa lan tembang-tembang diwasa kang digawe kenya dhewe. [2]
Senadyan ish nom, nanging kemampuan ngripta tembang bisa dianggep remeh. Ing taun 2008, Sherina diwenehi kapercayan nggarap tembang ing Soundtrack filem Ayat-Ayat Cinta. [1] Kanthi tembange Jalan Cinta, Sherina nguduhake marang wong akeh yen dheweke bisa ngipta lagu uga dadi kang nyayikake, [1] Ing filem Laskar Pelangi taun 2008, Sherina dipercaya maneh nggarap tembang kanggo soundtrack filem iku. [1] Tembang kang digarap yaiku Ku Bahagia kang dinyanyikake lan dikripta dening kenya. [1]