Sheila On 7
| Sheila On 7 | |
|---|---|
Sheila On 7
|
|
| Latar wuri | |
| Asal | Yogyakarta, Indonesia |
| Génré | Pop, Rock, Alternative Rock |
| Taun aktif | 1999 - sekarang |
| Label | Sony Music Entertainment Indonesia |
| Situs wèb | http://www.sheilaon7.com |
| Anggota saiki | |
| Akhdiyat Duta Modjo Brian Kresna Putro Eross Candra Adam Muhammad Subarkah |
|
| Tilas anggota | |
| Anton Widi Astanto Saktia Ari Seno |
|
Sheila on Seven (SO7), sawijining grup musik kang kondhang ning Indonesia, personilé Duta (Akhdiyat Duta Modjo,vokal), Eross (Eross Candra, gitar),Adam (Adam Muhammad Subarkah, bass) lan Brian (Brian Kresna Putro, drum).[1] Grup musik iki jumeneng ning Yogyakarta, tanggal 6 Mei 1996, asliné nduweni jeneng "Sheila Gank" kang dijukut saka tembung Sheila saka basa Celtic kang artiné musikal.[1] Jeneng iki uga pernah diubah dadi On Seven, kang artine pitu tangga nada ning musik.[1]
SO7 (jeneng liya saka Sheila On 7), uga pernah ngalami pindah formasi.[1] Kaya nalika sasi Oktober 2004, Brian mlebu ngantikaké Anton kang ditokake amerga dianggep ora disiplin.[1] Lan nalika sasi Maret 2006, Sakti mundur kanggo golek kawruh ning Pakistan.[1] Saka taun 1996, Sheila on 7 ngewarnai industri musik Indonésia. [2] Album kang paling anyar saka Sheila On 7 yaiku judulé Menentukan Arah ning taun 2008.[2]
Album [sunting]
Album Sheila On Seven kayata[2] [1]:
- SHEILA ON 7 (1999),
- KISAH KLASIK UNTUK MASA DEPAN (2000),
- ANUGERAH TERINDAH YANG PERNAH KUMILIKI (2000),
- 07 DES (2002), OST. 30 HARI MENCARI CINTA (2003),
- PEJANTAN TANGGUH (2004),
- PRIA TERHEBAT (2004),
- JALAN TERUS (2005), lan
- 507 (2006).
- MENENTUKAN ARAH (2008) kang dirilis ning dhuwuré sepur jurusan Jakarta-Bandung.[1]
Sawise 2 taun ora meluni pasar belantika musik Indonésia, akiré ing tanggal 14 Agustus 2010, Sheila on 7 lekas maneh ning dunya musik Indonésia.[1]