Shaun The Sheep
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Shaun the Sheep | |
|---|---|
| Genre | Serial animasi komedi kanggo anak-anak |
| Sing gawé | Nick Park |
| Sing ngrancang | Richard Goleszowski Alison Snowden David Fine |
| Sutradara | Richard Goleszowski Christopher Sadler |
| Pengisi suara | John Sparkes Justin Fletcher Kate Harbour Richard Webber Jo Allen |
| Sing gawé téma musik | Mark Thomas |
| Lagu pambuka | "Life's a Treat", performed by Vic Reeves |
| Negara | United Kingdom |
| Basa | English |
| Gunggung sèri | 2 |
| Gunggung épisode | 80 (List of episodes) |
| Prodhuksi | |
| Produser eksekutif | Miles Bullough David Sproxton Peter Lord Nick Park |
| Produser | Julie Lockhart, Gareth Owen |
| Durasi | 7 menit |
| Parusahan prodhuksi | Aardman Animations |
| Siaran | |
| Saluran asli | CBBC |
| Format gambar | PAL (576i) (2007) HDTV (1080i) (2009–present) |
| Format audio | Stereo |
| Tayang perdhana | Maret 5, 2007 – saiki |
| Status | Hiatus |
| Kronologi | |
| Tayangan kagandhèng | A Close Shave Timmy Time |
| Pranala jaba | |
| Situs resmi | |
Shaun the Sheep[1] iku animasi gaweyane negara Inggris.[2] Shaun the Sheep mulai dibabarake ing sasi Maret 2007 dening CBBC ing Inggris.[2] Shaun the Sheep nyritakake domba-domba cerdas kang tumindake kaya manungsa, asring tumindak konyol, lucu, lan kreatif.[2] Shaun the Sheep nggabungake slapstik lan classic silent comedy, ora ana omonge antarane karakter siji menyang liyane karakter, arep padha karo film Mr.Bean.[2]
Paraga [sunting]
Paraga kang ana ing pilem Shaun The Sheep yaiku:[3]
- Shaun: pandheganing gerombolan wedhus, iku dadi karakter utama. Dheweke pinter, keren mesthi duweni ide-ide kang kreatif, beda karo wedhus-wedhus liyane kang kadhang-kadhang oon.
- Shirley: wedhus kang ukurane paling gedhe, asring didadekake alat dening kanca-kancane yen mbutuheke barang kanggo ngentekake panganan utawa barang-barang liyane.
- Timmy: wedhus paling nom amarga isih bayi, seneng nglakoni perkara kayadene bayi, main hajar, kadhang uncal-uncalan kana-kene. Untung ana ibune kang njaga trus.
- Bitzer: kanca cedhake Shaun, iku asu kang njaga perternakan. Bitzer mesthi ngupayakake kang paling apik kanggo njaga kanca-kancane, wedhus-wedhus kang nakal, supaya ora kangelan. Asu iki uga kurang cerdas yen dibandhingake karo shaun.
- The Farmer, petani kang duwe peternakan kanthi direwangi Bitzer.
- Pidsley: Mungsuhe Shaun, kepingin banget dadi panrima tunggal perhatiane Petani. Dia sujana banget gegayutane Bitzer karo petani, dheweke uga ora seneng wedhus. Dheweke mikir yen wedhus iku bodo.
- The pigs: Telung babi lemu kang sabendinane mungsuhi Shaun lan kanca-kancane supaya uripe kangelan. Nanging misine iku gagal trus.
Cathetan Sikil [sunting]
- ^ (Basa Inggris)www.shaunthesheep.com Situs resmi (kaundhuh tanggal 18 Agustus 2011)
- ^ a b c d (Basa Inggris)imdb.com Shaun The Sheep (kaundhuh tanggal 18 Agustus 2011)
- ^ (Basa Indonésia)mas-tony.com Shaun The Sheep di TV (kaundhuh tanggal 18 Agustus 2011)