Shalat Sunnat

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Shalat Sunnat utawa shalat nawafil (jamak:nafilah) iku shalat sing dianjuraké supaya diayahi nanging ora wajib saéngga ora dosa yèn ditinggalaké. Shalat sunnat miturut hukum dumadi saka rong golongan yakuwi:

  • Muakkad, yaiku shalat sunnat sing dianjuraké kanthi panekanan sing kuwat (nyedhaki wajib), kayata shalat dina riyaya, shalat sunnat witir lan shalat sunnat thawaf.
  • Ghairu Muakkad, yaiku shalat sunnat sing dianjuraké tanpa panekanan sing kuwat, kayata shalat sunnat Rawatib lan shalat sunnat sing sifaté insidentil (gumantung wektu lan kahanan, kayata shalat kusuf/khusuf mung diayahi nalika ana grahana).

Pamérangan miturut pelaksanaan [sunting]

Wektu ora kena ngayahi shalat sunnat [sunting]

  • Srengéngé mlethèk nganti munggah sadhuwuring lembing
  • Srengéngé persis ing tengah (zenith), nganti miwiti miring
  • Sawisé ashar nganti srengéngé angslup
  • Sawisé shubuh
  • Nalika srengéngé angslup nganti sampurna angslupé

Rujukan [sunting]

  • Kumpulan Shalat-Shalat Sunnat, Drs. Moh. Rifa'i, CV Toha Putra, Semarang, 1993
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Shalat_Sunnat&oldid=827002"